Siapa tahu ada yang coba terjemahkan dalam versi Gorontalo...



--- On Tue, 2/24/09, ahmad baidowi <ahmadbaid...@yahoo.com> wrote:

> From: ahmad baidowi <ahmadbaid...@yahoo.com>
> Subject: [smu2jombang] Pidato Obama versi suroboyoan
> To: smu2jomb...@yahoogroups.co.uk
> Date: Tuesday, February 24, 2009, 8:01 AM
> BARACK HUSSEIN OBAMA VERSI SUROBOYOAN
> 
> Pidato Suroboyoan ini aku dapat dari Sandra Abikusno.... .
> ditulis oleh Glenn Tapidingan dan diterjemahkan oleh Edi
> Roesdiono
> 
> 
> PIDATO OBAMA
> KAMBEK
> BOSO JOWO DIALEK SUROBOYO
> 20 Januari 2009
> 
> 'Time has come to reaffirm our enduring spirit'
> Wayahe Nyingsetno Semangate Awake Dhewe
> 
> My fellow citizens,
> Konco-konco kabeh,
> 
> 
> Aku ngadeg ndik kene dino iki siap nglakokno penggaweane
> awak dhewe, kambek nedho nrimo mergo sampeyan wis percoyo
> karo aku, yo gak lali karo pengorbanane mbah-mbahe awake
> dhewe biyen. Aku yo nedho nrimo karo President Bush sing wis
> ngeladeni bongso ini, sing wis entengan tangan nggampangke
> dalanku dadi presiden.
> 
> Sampek saiki iki wis ono petang puluh papat arek Amerika
> sing wis disumpah dadi presiden. Sumpahe yo wis podho kenek
> dicekel, kethok teko tambah makmure Amerika kambek antenge
> bongso. Tapi yo ngono, rek, akeh-akehe sumpahe iku
> dibengak-bengokno pas wayahe negoro ruwet. Saiki, Amerika
> sik iso mlaku terus iku duduk mergo kepinterane arek-arek
> sing mimpin, tapi yo mergo Awake dhewe gak kakehan polah
> mblenjani kekarepane mbah-mbahe awake dhewe kambek gak
> macem-macem ngowahi patuturan sing tau ditulis mbah-mbah
> biyen.
> 
> Nek biyen wis koyok ngono, yo awake dhewe kudu koyok ngono
> terus, rek.
> 
> Awake peno kabeh wis ngerti saiki awake dhewe lagi
> dhedhel-duwel. Bangsana dhewe iki lagi perang mungsuh
> wong-wong brangasan lan wong-wong sirik. Ekonomine awake
> dhewe nglemprek, mergo soko polahe wong-wong rakus sing gak
> tanggung-jawab kambek soko salahe awake dhewe gak tepak
> nyepakno jaman anyar. Akeh wong kelangan omah, akeh wong
> dilereni teko penggaweane, akeh bisnis bubrah. Biaya kanggo
> nguwarasno awak yo tambah larang, akeh wong gak iso
> nyekolahno anake, lan saben dino awake dhewe gak keroso
> mbuwak-mbuwak enerji karo ngrusak planete.
> 
> Lek ndelok catetane date kambek urek-urekan statistik, iki
> ngono kabeh tandane mbundeli, terus maneh tambah kethok wong
> kabeh tambah mamang polahe mikir Amerika kambek generasi
> ngarep bakalan tambah nggelembosi.
> 
> Dino iku aku arep ngomong kambek sampeyan-sampeyan lek
> tantangane kanggo awake dewe ini wis nyoto tenan sak
> klumbruk. Bakalan suwe pol aku lan sampeyan ngadepi
> tantangan ini, nanging, titenono, Amerika, awake dhewe iso.
> 
> Dino iki awake dhewe nglumpuk polahe wis madhep mantep gak
> wedhi-wedhian milih harapan lan nyawiji tinimbang gegeran
> thok gak onok enteke.
> 
> Dino iki, awake dhewe wis gak patheken maneh melas-melasan,
> gak kakehan cangkem, gak ribut ae sing malah ngulak pekoro
> kanggone politike awake dhewe.
> 
> Negorone awake dhewe iki pancene sik enom, tapi mestinya yo
> awake dewe gak koyok arek cilik maneh. Saiki wis wayahe
> nyingsetno semangat sing wis kenceng; milih sejarah sing
> luwih apik, nglakokno paringan apik banget sing rupo gagasan
> sing diturunno soko generasi-generasi biyen sampek saiki;
> janjine Gusti Allah sing netepno lek kabeh menungso iku
> podho, bebas kabeh, kambek nduweni cara lan kekarepan kanggo
> nduweni urip sing becik.
> 
> (Ditutukno sesok utowo emben. Saiki arepe ngentasi kumbahan
> ……..)
> 
> Alihboso dening Eddy Roesdiono, Suroboyo
> 
> ============ ====
> 
> PIDATO OBAMA ENGLISH VERSION AND/KAMBEK
> BOSO JOWO DIALEK SUROBOYO
> (PART 2)
> 
> 
> 'Time has come to reaffirm our enduring spirit'
> Wayahe Nyingsetno Semangate Awake Dhewe
> 
> ........
> 
> Biyen mulo, cikal bakale Amerika iku wong-wong negoro monco
> sing ninggalno negorone nggowo barang sak onoke, nyabrang
> segoro tolek urip luwih becik nang kene.
> 
> Cikal bakale Amerika iku mbabat alas, manggon nok Kulon,
> mulai mbedah lemah.
> 
> Terus, cikal bakale Amerika iku arek-arek yang wani budhal
> perang terus matek nok nggon-nggon koyok Concord kambek
> Gettysburg, Normandia karo Khe Sahn.
> 
> Gak leren sak mono, arek-arek iku terus nyambut gawe sampek
> tangane thethel supoyo uripe enak. Arek-arek iku nganggep
> Amerika luwih gedhe timbangane kekarepane wong dhewe-dhewe,
> luwih gedhe timbangane perkoro bedho-bedho kekarepan sing
> prencil-prencil.
> 
> Saiki awake dhewe kudu terus mlaku. Negorone awake dhewe
> iku klebu sing paling maju lan paling kuat san Ndonyo. Awake
> dhewe iki sakjane gak ngglembosi nek disbanding karo sak
> durungu krisis mulai. Pikirane awake dhewe yo sik terus
> seger. Barang kambek jasae awake dhewe sik dibutuhno wong
> liyo mbuh wingin, wuluan kepungkur utowo tahun kepungkur.
> Awake dhewe yo sik mampu. Wis gak usah kakehan mikir sing
> cethek-cethek. Mulai dino iku, ayo mulai maneh majokno
> Amerika.
> 
> Deloken kiwo-tengen, akeh penggawean yang iso digarap.
> Ekonomine awake dhewe butuh tenago peno, gak kanggo nggawe
> penggawean anyar tok, tapi yo kanggo nglemeki pertumbuhan.
> Ayo mbangun dalan kambek wot-wotan. Ayo ngedegno gardu-gardu
> listrik supoyo dodolane awake dhewe luwih padhang. Ilmu
> kawruhan dekeken nang nggon sing tepak, ojok diawur supoyo
> teknologi kambek biaya tombo loro iso murah. Ayo nyancang
> srengenge kambek angin kambek lemah cek isi ngiseni montor
> dan nglakokne pabrik. Sekolah-sekolahe awake dhewe yo kudu
> diapiki cek iso ono kanggone gawe urio nang jaman anyar.
> Kabeh iki awake dhwe isi nglakokno lan kudu dilakokno.
> 
> Pancene ono sing takok opo kekarapene awake dhewe iki gak
> kemoncolen? Sing takok ngono iku sakjane pikirane cupet,
> mergane lali lek negorone awake dhewe wis soko biyen iso
> sembanarang. Saiki sing penting iku awake dhewe kudu nyawiji
> lan luwih kendhel.
> 
> Wong-wong sing mamang iku mau sakjane ngono gak mikir lek
> jaman wis luwih apik; politik sing kakehan cangkem wis gak
> payu. Saiki lo urusane awake dhewe iku dhudhuk perkoro gedhe
> cilike pemerintahan, tapi opo pemerintah iki iso mlaku
> nolekno penggawean kanggo peno-peno kabeh, tolekno tombo
> murah nek peno loro, nyepakno pensiun sing ndayani. Nek ito
> ngono, yo ayo maju, nek gak, awwke dhewe iso buyar.
> Peno-peno sing duwike akeh njaluk tulung ojok royal-royal,
> gaween duwike kanggo sing genah supoyo saduluran peno
> klambek pemerintah apik terus.
> 
> Saiki soal pasar, rek. Kuate pasare awake dhewe gak ono
> tandingane, tapi awake dhewe wis diilingingo kambek krisis,
> lek peno semborono, pasar iso mbludak gak karuan, terus
> negoro loyo; peno-peno sing sugih tok sing tambah sugih.
> Apike ekonomi iku gumantung gak teko gedhene Produk Domestik
> Bruto, tapi yo teko rotone kemakmuran, yo teko mblebere
> rejeki ngalor-ngidul, dhudhuk mergo rejeki iku oleh dikei,
> tapi teko usahane dhewe-dhewe.
> 
> Soal pertahanan, ojok nganggep iki soal keamanan kambek
> cita-cita. Mbah-mbahe dhewe iku nggawe aturan kambek pedoman
> karo mikiri hak asasi menungso. Ngedegno pedoman iku wis
> mangan gethih pirang generasi. Pedoman iku terus payu sampek
> saiki. Peno-peno sing menthelengi pedoman iku, mulai
> peno-peno sing urip nang kutho sampek sing nok ndeso nggone
> mbahku lahir, peno kudhu eruh nek Amerika iko bolone kabeh
> bongso. Kabek peno-peno, lanang wedhok, tuwek enom sing
> tolek tentrem kudhu iling nek mbah-mbah biyen ngadepi
> rasisme kambek komunisme gak mek nganggo bedhil karo montor
> teng, tapi kambek ngelus atine menungso karo tolek konco.
> Mbahe dhewe biyen ngrumangsani nek kadigdayan thok gak iso
> ngayomi awake dhewe, gak iso maksakno karepe awake dhewe.
> Mbah-mbah biyen ngrumangsani kadigdayan iku perlu dilakokno
> sing kanti santun. Keamanan iku metu soko welas asih, soko
> iso gake awake dhewe mudhengi gedhene kemangungsan.
> 
> Awake dhewe iki sing nyekel amanat iku. Manut karo pedoman
> sing ono, awake dhewe iso nglawan tantangan kambek terus
> ikhtiar, gandheng-renteng kambek negoro-negoro liyo. Awake
> dhewe wis kudhu iso ngeculno Irak cek diurusi arek-arek Iraq
> dhewe, yo terus ngewangi Afganistan cek terus aman. Kambek
> konco-konco lawas lan musuh-musuh bebuyutan, awake dhewe
> nyambut gawe terus ngelongi ancaman nuklir. Kanggo arek-arek
> sing gak mari-mari ngudhal terror lan mbantai wong-wong sing
> gak salah, cekelen omonge awake dhewe; Amerika iki semangate
> tambah kuat, gak iso mbok preteli; peno gak iso ngalahno
> Amerika; peno pasti keok mungsuh Amerika.
> 
> Awake dhewe wis mudheng tinggalane mbah-mbahe dhewe iku
> rupo kekuatan, dhudhuk kelemahan. Awake dhewe iki negoro
> sing isine macem-macem : Kristen, Islam, Yahudi kambek
> Hindu, yo kambek peno-peno sing gak percoyo agama barang.
> Awake dhewe iku rumbuk karo macem-macem boso lan coro, sing
> mbejudul soko macem-macem enggon nok ndonyo iki. Wis tahu
> awake dhewe iki gegeran sak dulur, yo terus rukun maneh lan
> tambah kuat saiki. Wis gak usum sirik-sirikan, gak usum
> maneh ono bedho-bedho coro; ndonyo tambak cilik, menungso
> kabeh kudhu nyawiki, Amerika kudhu miwiti mbangun jaman era
> sing toto tentrem kertoraharjo.
> 
> Gawe konco-konco Muslim sak ndonyo, awake dhewe saiki lagi
> tolek kemajuan supoyo iso urip bareng, kambek podho-podho
> ngregani. Gawe pemimpin-pemimpin bongso liyo sing senengane
> golek perkoro, utowo sing ganggep negoro Kulonan iki
> nggapleki, titenono rakyatmu dhewe sing iso mbiji opo sing
> peno iso bangun, dhuduk opo sing peno iso rusak. Peno-peno
> sing tolek kekuatan soko korupsi lan urip mbeling, titenono
> peno iku salah panggonan nok sejarah iki, tapi yo kene iso
> ngewangi nek peno gak nyeketem tangan terus.
> 
> Kanggo negoro-negoro mlarat, awake dhewe janji ngewangi
> peno supoyo sawah sampeyan ditukuli tanduran lan diileni
> banyu; sing keluwen iso dipakani, sing gak pinter iso
> dipinterno. Kanggo negoro-negoro liyo sing podho makmure
> karo Amerika, ayo rek mulai ngewangi konco-kondo negoro
> liyo, ojok mek nyedot isine bumi tapi terus nglewes gak
> ngurusi akibate. Ndonyo iki wis berubah, mosok awake dhewe
> gak iso berubah.
> 
> (to be continued…..
> (diterusno suk emben, saiki diundang kenduren
> tonggo…….)
> 
> dening Eddy Roesdiono
> Suroboyo
> 
> ------------ -------
> 
> PIDATO OBAMA ENGLISH VERSION AND/KAMBEK
> BOSO JOWO DIALEK SUROBOYO
> (PART 3- Final/Pungkasan)
> 
> 
> 'Time has come to reaffirm our enduring spirit'
> Wayahe Nyingsetno Semangate Awake Dhewe
> 
> ………..
> Karo niliki embong jembar sing mbukak nok ngarepe awake
> dhewe, kene kudu rumongso nedho nrimo kambek arek-arek
> Amerika sing saiki iki lagi ngubengi segoro wedi lan
> gunung-gunung sing adhoh-adhoh. Sing dilakoni arek-arek iku
> jane ngono podho ae karo sing digremengno terus ambek
> arek-arek pahlawan sing onok ndik pesarean Arlington. Awake
> dhewe ngregani arek-arek iku dhudhuk mergo arek-arek iku
> sing njogo kemerdekaane awake dhewe, tapi mergo dhuweni
> semangat ngladeni bongso, ndhuweni karep sing luwih gedhe
> timbangane uripe dhewe. La yo sing koyok ngono iku sing kudu
> diconto, kelakuan apik sing bakel netepno suk emben awake
> dhewe iku dadi opo.
> 
> Saiki nyatur soal pemerintah iku iso opo lan kudu opo. Lek
> jareku, iman lan tenanane rakyat Amerika iku sing paling
> perlu kanggo bongso iki. Arek-arek Amerika kudu ngewangi
> kancane sing kerepotan. Arek Amerika kudu gelem mbagi jam
> kerja karo kancane timbangane kancane iku mau dilereni lek
> pas ekonomine dedel-duwel. Wong Amerika iku kudu kendhel
> koyok petugas pemadam geni sing wani nerobos beluk kobongan;
> yo kudu iso koyok wong tuwo sing ngopeni anake. Kabeh iki
> engkuk sing iso nentokno nasibe bongso Amerika.
> 
> Tantangan kanggo awake dhewe iki iso ae kelebu anyar.
> Perkakas kanggo ngadepine yo iso kelebu anyar.
> Pedoman-pedoman sing marakno awake dhewe iki iso basuki yo
> iku : jujur, sregep, adil, ngregani liyan, pingin eruh,
> setiyo, kambek tresno negoro, lak wis lawas kabeh. Tapi,
> masiho lawas, kabeh iki bener, wis dibuktekno soko sejarah.
> Sing awake dhewe perlu saiki yo kene kudu mbalek nang
> kebecikan-kabecikan koyok ngene iku. Awake dhewe saiki perlu
> luwih ngusumno tanggungjawab sajroning Amerika, perlu
> ngakoni nek awake dhewe iki nduweni tugas kanggo awak dhewe,
> kanggo negoro, kanggo ndunyo. Tugas iki kudu ditampani ojo
> karo ngroweng, tapi kudu seneng lan ikhlas. Awake dhewe kudu
> percoyo gak ono sing iso nyingsetno semangat lan netepno
> sifate awake dhewe kejobo soko tanggap trengginase awake
> dhewe ngladeni tugas-tugas sing angel.
> 
> Iki tanggungjawab kambek janjine awake dhewe dadi rakyat.
> 
> Iki sumbere madhep mantepe awake dhewe, kawrehun sing
> diparingne Gusti Allah kanggone awake dhewe supoyo isu
> ngapiki nasibe awake dhewe sing gak pasti.
> 
> Iki lo sakjane maknane kemerdekaan lan imane awake dhewe.
> Iki lho sing marakno wong lanang wedhok enom tuwek sembarang
> kelir sembarang macem tumplek bleg nang kene saiki. Iki lo
> sing marakno wong, sing suwidak tahun kepungkur bapake gak
> direwes lek arepe mangan nang restoran, saiki iso ngadeg
> nang kene disumpah dadi presiden.
> 
> Ayo peno iling-iling dino iki, peno mikir sopo awake dhewe
> iki lan wis koyok opo adhohe awake dhewe mlak. Ilingi rikolo
> semono pas Amerika tas ngadeg, pas adhem-adheme, ono
> arek-arek patriot dhusel-dhusel tolek anget nok ngarepe geni
> sing riyep-riyep nok pinggire kali sing wis dadi es. Ibukota
> wis ditinggal, mungsuh tambah cedhak. Salju wis gupak getih.
> La pas wayahe koyok ngene iki, mbah perjuangane awake dhewe
> njaluk ukoro koyok ngene iku diwoco sing banget kanggone
> rakyat. Ngene unine : "Sesuk lek ono ramene jaman,
> peno-peno kudu eruh nek sak jerone adhem anyep iki, sing
> mung onok harapan karo semangat thok, pas wayahe kuto lan
> negorone awake dhewe mambu bahaya, ayo nglumpuk ngadepi
> bareng-bareng"
> 
> Amerika, nek wayahe ngadepi bahaya bareng-barang, wayahe
> angel koyok saiki iki, ilingo ukoro mau. Nganggo harapan
> kambek semangat, ayo ombak anyep iki dilawan, ojok sampek
> kalah karo angin nggebes. Sesuk emben putu-putune awake
> dhewe iso crito lek awake dhewe gak nyerah karo ujian koyok
> ngene, gak balik klepas nek ngadepi beboyo. Ayo tah mripate
> awake dhewe iki dipentelengno nang nggone opo sing
> diparingno Gusti Allah. Ayo manfaatno kebebasan sing wis
> diparingno terus dilakokno kanggo becike putu-putu sesuk
> emben..
> 
> Nedho nrimo. Gusti Allah paring berkah kanggo peno. Gusti
> Allah paring jabah kanggo Amerika Serikat.
> 
> 
> Translated into Surabayan-Javanese/ Dijowo-suroboyok-no
> kambek :
> Eddy Roesdiono
> 
> Ahmad baidowi
>  
> 
>       
> 
>     
>     
> 
>              
>     
>     
>            
>     
>     
>       
>         
>       
>     
> 
>                 
>     
>     
>     
>       
>   
>                   
>                   
>                   
>                   
>                   
>               
>                     
>               Visit Your Group              
>                
>    
> 
>   
>   
>   
>   
>     
>     
> 
> 
>      
> 
> 
>           
>            
>                             
>           
>                         
>               
>                         Yahoo! 360
>   Share what matters
>   Share your photos, blog.
>   Control who sees what.
>                   
>                     
>                         Yahoo! Toolbar
>   Get it Free!
>   easy 1-click access
>   to your groups.
>                   
>                     
>                         Yahoo! Groups
>   Start a group
>   in 3 easy steps.
>   Connect with others.
>                   
>           
> 
>           
>                 
>         .
>                          
> 
>       
>       
>       
>        
>       
>       
> 
> 
> 
> 
> 
> 
> 
> 
>       
> 
> 
>       
>       
> 
> 
>       
> 
> [Non-text portions of this message have been removed]
> 
> 
> 
> ------------------------------------
> 
> ----Hapus qoute yang tidak relevan jika me-reply!----
> Arsip milis ada di:
> http://www.mail-archive.com/smu2jomb...@yahoogroups.co.uk/
> Situs sekolah ada di:
> http://www.smun2-jbg.sch.id | http://www.smadajo.org
> Blog tidak resmi ada di:
> http://http://smun2jombang.wordpress.com/Yahoo! Groups
> Links
> 
> 
> 

      

Kirim email ke