huahahahaha......
 

[m.a.h.a.r.G.y.o]  

 Sugihtanpobondho nglurugtanpobolo mênangtanpongasoraké

 

   _____  

From: [agiel] [mailto:[email protected]] 
Sent: Wednesday, June 10, 2009 4:42 PM
To: [email protected]
Subject: [BekaKak] humor Suroboyoan






Mat Pithi Numpak Pesawat 

Iki crito soal pengalamane Mat Pithi waktu budal nang Jerman numpak 
pesawat. Sekali sekali rek ndelok piala dunia secara langsung ...... bosen 
ndelok Liga Indonesia tok soale nek sing main Persebaya pasti akeh 
tawurane timbang bal-balane. Oh iyo, kabeh pembicaraan nang cerito iki 
asline nggae bahasa Inggris, cumak wis diterjemahno ambek penulis nang 
boso Suroboyoan cek sampeyan2 ngerti kabeh. 
Critane Mat Pithi milih numpak Singapore Airlines. Soale masio tikete 
rodok larang tapi krungu2 pelayanane SQ iku jare sing terbaik sak dunia, 
pesawate generasi anyar kabeh, fasilitase canggih, panganane yo enak, 
trus sing penting pramugarine ayu2 & dukur2 (maksute rok'e sing dukur). 
Tiba'e bener ...... perjalanan mulai teko Juanda sampek meh tekan Jerman gak

tau sepi teko panganan. Begitu juga ngombe. Pokok'e nek ketok gelase 
penumpang isine kari sitik ambek pramugari langsung ditawari nambah utowo 
ganti pesen liyane. Mat Pithi wetenge sampek kuwarek'en gara2 terus 
terusan mangan & ngombe. Mari mangan steak unto, ngombe jus strawberry. 
Trus nambah kopi susu, pesen burger salmon ambek wedang jahe, nambah 
tuak, es tebu akhire pesen kupang & es degan.. Iku ae dhe'e jik pingin 
pesen lorjuk & rambak katak digae camilan, saking gak onok. Jare 
pramugarine ngene "Nek pesen panganan sing iku nango Kenjeran ae Cak, ojo 
ndik kene". Gendeng pancen Mat Pithi ... pesawat dianggep koyok warung 
ae. Akibate yo wis mesti, durung sampek tekan Jerman Mat Pithi wis 
kebelet ......... 
Mat Pithi langsung mlayu nang toilet. Ndilalah pas tekan kono, toilet 
lanange onok uwonge. Mat Pithi bingung, raine mulai pucet karena 
ngempet, kringete mulai metu sak jagung jagung. Pramugarine mesakno 
ndelok Mat Pithi koyok ngono akhire ngomong ngene "Yo wis Cak, sampeyan 
nggaweo toilet cewek ae. Tapi ojok sampek mijet tombol2 sing onok ndik 
njero yo. Pokok'e nek wis mari ngising ndang siramen trus metuo". 
Pramugarine terpaksa ngijinno Mat Pithi mlebu toilet cewek. Pikire ngene 
"Timbang wong iku kebobolan nang karpet, engko yo aku dewe sing repot 
ngepel" 
Mat Pithi nang njero toilet cewek. Lego wis .... mari ngising & nguyuh. Lha 
nang kono dhe'e pancen ndelok akeh tombol2 sing onok tulisane WW , WA , 
PP & ATR. Dasare arek Suroboyo, Mat Pithi tambah penasaran tombol2 iku 
digae opo ae, trus opo'o dhe'e kok dilarang mijet tombol2 iku ambek 
pramugarine. Ilmu kebone mulai metu. Kebo iku nek disurung sungune lak 
malah nyurung ta. Podho ambek Mat Pithi, nek dilarang malah koyok 
dikongkon. 
Mat Pithi mulai ati2 nyoba mijet tombol WW...... langsung srooooootttt... 
metu banyu anget nyemprot silite. "Oh, tiba'e iki artine Warm Water digae 
cewok ... wah, enak'e rek toilet cewek" batine Mat Pithi. 
Mat Pithi tambah penasaran .. dhe'e nyoba mijet tombol liyane. Mat Pithi 
mijet tombol WA ... whuuuussss .....langsung metu udara anget digae 
pengering. "Mmm.. tiba'e WA iki artine Warm Air. Mangkane wong wedok cik 
betahe suwi nang njero tiolet, lha wong fasilitase koyok ngene" 
Terus Mat Pithi mijet tombol PP. Langsung metu bantalane wedak (Powder 
Puff) medak'i silite sing wis garing. Mat Pithi tambah kagum campur 
nggumun, tapi yo kudu ngguyu ... "Hahahaha... . taek .. taek, lek nang 
Suroboyo umume sing diwedak'i iku lak rai ta. Kok nang kene silit barang 
diwedak'i" 
Mat Pithi sing tambah penasaran akhire gak ragu ragu maneh mijet tombol 
ATR ............ 
Grobyaaakkk. .. Mat Pithi tibo jempalitan teko toilet, awak'e glocoran 
getih .....Mat Pithi semaput, dunia koyok dadi peteng.. Pas sadar Mat 
Pithi wis turu nang kasure rumah sakit, onok selang infus mancep nang 
tangan tengene, nang sebelahe onok alat monitoring detak jantung. Mat 
Pithi bingung puoll ... Dhe'e takon nang perawat sing jogo "Sus, yok opo 
critane kok aku iso sampek diopname nang rumah sakit, padahal maune kan 
nang njero toilet pesawat". 
Perawat iku mau terus nerangno ... "Ngene Cak.... nurut hasil investigasine 
kru pesawat, waktu iku sampeyan mlebu toilet cewek, trus mijet tombol 
ATR. Padahal tombol iku artine kan Automatic Tampon Removal, fungsine 
digawe nyopot tampon secara otomatis. Sampeyan ngerti gak .. tampon iku 
lak pembalut wanita sing bentuk'e batangan, trus dilebokno nang "anune" 
cewek. Akibate lek sing nggawe wong lanang yo ngene iki, manuk sampeyan 
ketarik alat iku sampek brodol sak jembut-jembute !!!". 
"@#%#%*...@# , duobol, kirik, juamput, taek, asu" Mat Pithi misuh misuh 
gak karuan nang njero ati. 
"Trus yok opo iki Sus" saking bingunge Mat Pithi sampek gak eruh opo sing 
arep ditakokno. 
"Sampeyan gak usah kuatir Cak, kabeh biaya pengobatan ditanggung SQ 
ditambah sampeyan oleh tiket gratis gae balik nang Suroboyo" 
"Lha trus manukku ?" 
"Tenang ae .... RS nang Jerman iki canggih2. Manuk sampeyan wis disambung 
maneh dan jare tim dokter iso berfungsi normal koyok biyen" 
"Hah, koyok biyen maneh??? lak cilik rek !!!!. Jancuuuuuuuuuukkk... . 
ngerti ngono aku njaluk disambung ambek manuk'e jaran mumpung gratis" 
khusus sing iki Mat Pithi ngomonge nggae boso suroboyoan. 
"What did you say ???" jare sustere. 
Oooalahh Mat .. Mat, nasibmu pancen apes. Tiwas adoh2 budhal nang Jerman, 
entek duwit akeh, tiba'e tekan kono mlebu rumah sakit. Akhire Mat Pithi 
mek iso ndelok bal-balan nang TVne rumah sakit. Lha nek cumak ngono ae 
lak podho karo sing ndik Indonesia rek.



-- 
[agiel]
B 6115 KKU
-ordinary black scorpio-





--- 


Kirim email ke