Wah emoh aku nerjemahke...
(wah saya tidak mau menerjemahkan)
wedi ndak melu dari edaaan koyo sing wawancarai... :-D
(takut nanti jadi ikut gila seperti si pewawancara).

Bagaimana tidak susah cari pekerjaan jika yang punya kantor orang gila hehehe...

Salam,
Zaenal

At 17:14 05/09/2008, Hilman wrote:

Kang AZA, isih iso boso Jowo ora ?????  Nek isih kelingan,
monggo dikedapi nggih bab SUSAHIPUN PADOS DAMELAN:

+   Pendidikanmu opo?
-    Hukum Pak.
+   wah ora bisa ditompo ning kene.
-   Alasanipun Pak?
+  Kakehan ngomong mengko, malah ora kerja.
-   tapi kulo mantan diplomat lho Pak.
+ Tambah ora ketompo?
-   Lho kok ngaten pak?
+  Mengko gaweyanmu mung ropat-rapat wae.....


+   Kowe nduwe omah opo ora?
-    Dereng....
+   Wah kowe ora iso ketompo nang kene.
-    Lho kok ngaten?
+   Mengko kowe mesthi ngajukne utang nang perusahaan.
-   Ah.. mboten kok, sakjanipun tiyang sepuh kulo niku sampun sugih.
+   Yo malah ora ketompo.
-    Lho kok ngaten?
+   Mengko kowe kerjo mung nggo hiburan, nongkrang nongkrong ae.


+   Kowe nduwe motor opo ora?
-    Mboten.
+   Ora ketompo.
-    Lho kok mboten ketompo?
+   Mengko kowe mesthi njaluk bantuan kredit.
- Sakjanipun gadhah, ning tasih ten kampung, gampil mangke kulo beto ngriki.
+   Wah malah ra ketompo....
-    Lho kok ngoten?
+   Tempat parkire wis ra cukup.


+   Kowe wis lulus sarjana tenan?
-    Sampun Pak....
+ Ora ketompo. Kene iki golek sing SMA ae, luwih manutan lan ben mbayare murah.
-    Sakjanipun kulo tasih badhe skripsi.
+   Malah ora ketompo.....
-    Lho kados pundi to?
+ Mengko kowe kerjo mung ngetik skripsi, yen wis lulus mesti golek kerjo neng perusahaan liyo.


+   Kowe seneng guyon opo ora?
-    Mboten pak, kulo serius nek nyambut gawe.
+   Ra ketompo.....
-   Waa... Kok ngoten?
+   Engko konco-koncomu lan anak buahmu podho stress.
-    Sakjane nggih sekedhik-sekedhik seneng guyon.
+   Malah ora ketompo.
-    Lho kok......
+   Engko kowe mung email-emailan sing lucu.


+   Kowe mau mrene numpak opo?
-    Nitih mobil.
+   Kowe ora ketompo.
-   Sebabipun?
+   Saiki BBM mundhak terus, mengko kowe njaluk mundhak bayar terus.
-    Woo, kulo wau namung mbonceng, kok.
+   Tambah ora ketompo.
-    Lho, lha kok?
+   Mengko mung gawene mbonceng mobil kantor. Ngrusuhi!


+   Anakmu akeh opo sithik?
-    Kathah, Pak.
+   Kowe ora ketompo.
-    Sebabipun?
+   Nyambut gawemu ora jenjem, mung mikir gawe uanak terus.
-   Lha wong namung anak adopsi, kok.
+   Tambah ora ketompo.
-    Lho, lha kok?
+   Gawe anak bae aras2en, opo maneh nyambut gawe.


+   Kowe wis ngerti gaweyanmu durung?
-    Dereng.
+   Kowe ora ketompo.
-    Sebabipun?
+   Arep nyambut gawe kok ora ngerti gaweyane?
-   Oo, nek damelan niku mpun ngertos kok.
+   Tambah ora ketompo.
-   Lho, lha kok?
+   Kowe rak mung arep keminter, to?


+   Kowe ngerti kahanan kantor kene durung?
-    Dereng.
+   Kowe ora ketompo.
-    Sebabipun?
+   Arep nyambut gawe kok ora ngerti kantore?
-    Wah, nggih sekedhik2 mpun ngertos kok.
+   Tambah ora ketompo.
-    Lho, lha kok?
+   Mengko kowe senengane ngudhal-udhal wewadi kantor, to?


+   Kowe kerep loro?
-   Mboten.
+   Kowe ora ketompo.
-   Sebabipun?
+   Mesthi kerep mbolos, wong arang2 gering.
-   Wah, sakjanipun nggih asring.
+   Tambah ora ketompo.
-   Lho, lha kok?
+   Kantor iki ora nompo karyawan pileren.


+   Kowe biso main internet?
-   mBoten.
+   Kowe ora ketompo.
-   Sebabipun?
+   Perusahaan ora nompo sing buta internet.
-   Wah, sakjanipun nggih saged.
+   Tambah ora ketompo.
-   Lho, lha kok?
+   Mesthi ora bakal nyambut gawe, kakehan dolanan internet, to???


+   Kowe waras opo ora?
-    Lha, kulo nggih waras to Pak.
+   Ra ketompo.
-    Kenging nopo?
+   Mengko kowe mesthi ora krasan neng kene.
-   Niku rumiyin Pak, sakmeniko sampun rodo edan.
+   Malah ra ketompo.
-   Pripun to niki?
+   Mengko aku duwe saingan.
-   WAAAAAAAAAAAAAAAA!!!!!


Kirim email ke