Berikut ini saya kirimkan terjemahan bebas dari buku The Meditations (Meditationes) dari filsuf Marcus Aurelius. Banyak gagasannya yang masih relevan untuk membangun jiwa kenegarawanan. Bagi yang tertarik mengikuti serial terjemahan dalam bhs. jawa ini bisa membaca di milis: [EMAIL PROTECTED], atau [EMAIL PROTECTED] Di bawah ini sekedar upaya pertamanya. Selamat menikmati.
Salam, Tangkisan Letug ================== NGASAH RASA LAN BUDI (1) Dening Marcus Aurelius Sinerat ing taun 167 Pra Masehi (Judhul asli: Meditationes; Englis: The Meditations;Kajawekaken dening Tangkisan Letug) BUKU KAPISAN Saka eyangku Verus, aku oleh wulang wuruk ngenani prakara moral lan nata sikap lan tindak-tandukku. Saka kuncaraning asma lan kapribadene ramaku, aku nemu piwulang ngenani prakara urip prasaja lan kautaman dadi manungsa. Saka ibuku, urip bekti lan becik, laku tapa, ora mung sesirik tindak ala, nanging luwih-luwih sesirik gagasan ala; lan maneh, urip prasaja kang adoh saka gebyaring urip sugih lan mulya. Saka eyang buyutku, kang durung nate mlebu ing pawiyatan umum, nanging ora sepi pra guru olah rasa lan budi ing ndalem, aku mangerteni yen ta nggolek kawruh iku kudu diupaya kanthi kamardikan. Saka gubernurku, tanpa ora pilih-pilih ngrawuhi pertandingan Circus, embuh melu sing ijo embuh sing biru, lan maneh ora dadi partisan ana ing papane gladiator kanthi ndhukung salasijining embuh kelompok Parmularius embuh kelompok Scutarius; saka dheweke aku antuk piwulang nas jiwa-negarawane, yaiku ora sepisan-pisane nyampur urusan pribadi karo urusane publik, lan perlu wani ngrungokake swarane para kawula, uga swarane para pitenah. Saka Diognetus, aku nemu piwulang supaya ora nyibukake dhiri ana ing prekara-prekara sepele, lan ora gampang percaya marang juru klenik tukang gawe pengeram-eram, para dukung edan kang bisa pamer ngruwat setan jim pri-perayangan lan sapanunggale; aku nemu piwulang uga kepiye ngadhepi kuwi kabeh, supaya aja kesusu serah dhiri kepati-pati marang prakara-prakara kaya ngono kuwi; aku nyinau prakara perlune njunjung kamardikan ing wicara; aku nyinau nresnani kawicaksanan (filosofi); aku nyinau dadi wong kang bisa ngrungokake liyan saka Bacchius, banjur saka Tandarsis lan Marcianus; lan aku wis nyoba nyerat dialog ing jaman timurku; aku uga tau kepingin nyinaoni disipline wong-wong Yunani. Saka Rusticus aku mangerteni yen ta sikap lan tindak-tandukku maju ing kautaman lan disiplin; saka dheweke aku nyinau supaya ora keli ing kangelan warna-warna, embuh ing prakra tulisan spekulatif, embuh ing prakra seni-pidato, lan supaya ora kejiret dening krenteg mung andulu prakara disiplin, prakara tata lair, ana ing seni retorika, geguritan lan susastra; lan aku nyinau supaya ora mlaku ing njeron omah kanthi busana njaba, utawa supaya tansah tumindak trap sila; aku nyinau uga nyerat nawala kanthi basa kang prasaja lan cetha, kaya nawalane kang sinerat dening Rusticus dhewe tumuju marang keng ibu saka Sinuessa; kanthi urmat aku gawe nawala marang sadhengah wong kang wis tau gawe suthiking atiku utawa marang kang wus tumindak salah, aku ngulurake asih tresna lan semangat karukunan, bena ora suwe maneh, kabeh padha sayuk rukun raket pasedulurane. Saben-saben maca buku, aku nglatih dhiri supaya sabar anggonku mangerteni isi lan nasing prakara, lan ora gampang puas lan seneng merga wus purna. Aku uga nyinau supaya ora gampang setuju marang apa kang tinulasake utawa jinarwakake ing tembunge manungsa. Aku rumangsa kapotangan budi marang Rusticus merga wus nemokake aku marang pamikirane Epictetus, sarana kumpulaning seratan ngenani kawicaksanan kang wus nate dak tampa. (Ana Candhake) _______________________________ Do you Yahoo!? Win 1 of 4,000 free domain names from Yahoo! Enter now. http://promotions.yahoo.com/goldrush ------------------------ Yahoo! Groups Sponsor --------------------~--> Make a clean sweep of pop-up ads. Yahoo! Companion Toolbar. Now with Pop-Up Blocker. Get it for free! http://us.click.yahoo.com/L5YrjA/eSIIAA/yQLSAA/BRUplB/TM --------------------------------------------------------------------~-> *************************************************************************** Berdikusi dg Santun & Elegan, dg Semangat Persahabatan. Menuju Indonesia yg Lebih Baik, in Commonality & Shared Destiny. www.ppi.4t.com *************************************************************************** __________________________________________________________________________ Mohon Perhatian: 1. Harap tdk. memposting/reply yg menyinggung SARA (kecuali sbg otokritik) 2. Pesan yg akan direply harap dihapus, kecuali yg akan dikomentari. 3. Lihat arsip sebelumnya, www.ppi-india.da.ru; 4. Posting: [EMAIL PROTECTED] 5. Satu email perhari: [EMAIL PROTECTED] 6. No-email/web only: [EMAIL PROTECTED] 7. kembali menerima email: [EMAIL PROTECTED] Yahoo! Groups Links <*> To visit your group on the web, go to: http://groups.yahoo.com/group/ppiindia/ <*> To unsubscribe from this group, send an email to: [EMAIL PROTECTED] <*> Your use of Yahoo! Groups is subject to: http://docs.yahoo.com/info/terms/