hahaha ... baru baca.
suroboyoan, cak!

blub!


--- In proletar@yahoogroups.com, "rezameutia" <rezameutia@...> wrote:
>
> 
> Balas Dendam
> 
> Wonokairun mlaku mlaku nang TP ijenan katene mejeng, dandane mbois gak gelem 
> kalah ambek ABG.  Pas katene mulih dhadhak dirampok nang parkiran.  Kuabeh 
> amblas, bronpit disikat, dompet amblas, klambi diplorot kari kampesan thok.   
> Wonokairun ngguondhok pol, toleh-toleh mbrebes mili nang tengah embong.
> 
> Wonokairun nyobak nyegat taksi, ambek njelasno lek mari dirampok.  Wonokairun 
> janji mbayar taksine nang omah.  Tibake supir taksine iku gak percoyo, 
> sombong poll, gak gelem nolong blas malah ngilokno.  "Asline wong mbambung ae 
> athik aksi ethok-ethok dirampok ! "jare supir taksine nang ngarepe wong akeh. 
> 
> Wonokairun loro atine di isin-isin koyok ngono.  Wonokairun akhire terpaksa 
> mlaku mulih nang Sepanjang buntelan koran.  Cumak yo ngono, Wonokairun dendam 
> pol nang supir taksi iku mau, pokoke ditengeri wonge lemu ireng kopiahan.  
> Aku kudhu isok mbales ngisin-ngisin wong elek iki, pikire Wonokairun. 
> 
> Minggu ngarepe, Wonokairun dulin nang TP ijenan maneh.  Mari wis tuwuk dulin, 
> akhire Wonokairun mulih.  Pas metu TP, akeh taksi sing antri golek penumpang. 
>   Wonokairun sengojo golek supir taksi sing minggu wingi nglarakno ati, 
> katene balas dendam.  Diurut mulai sing paling ngarep, Wonokairun nakoni 
> supir taksine sithok-sithok. 
> 
> "Cak, nang Sepanjang piro", takok Wonokairun. 
> "Biasa mbah, borongan ae seket ewu", jare supir taksine. 
> "Mari ngeterno, tak sodomi yo, ojok khawatir ongkose tak tambahi ?", takok 
> Wonokairun maneh.
> "Wok nggilani !!!, Koen kiro aku iki homo tah mbah. Masio elek, aku iki wong 
> lanang normal mbah, goleko sing liyane ae !", jare supir taksi iku ambek 
> misuh-misuh tersinggung.
> 
> Kuabeh supir taksi sing dijak kencan jawabe podho kabeh ambek misuh- misuh 
> gak karuan, tapi Wonokairun cuek ae.  Sampek taksi sing paling mburi, akhire 
> Wonokairun ketemu supir taksi lemu ireng kopiahan sing digoleki.  Koyoke 
> supir taksine iku wis lali ambek Wonokairun. 
> 
> "Cak, nang Sepanjang piro?", Wonokairun aksi takok. 
> "Biasa ae mbah, seket ewu", jare supir taksine. 
> "Yo wis, ayok ndhang budhal", Wonokairun langsung numpak terus budhal. 
> 
> Wonokairun sempet ngelirik kartu pengenale tibake jenenge Markun.  Mergo 
> paling mburi, terpaksa supir taksine iku bengok-bengok ngongkon konco-koncone 
> sing nang ngarep minggir sithik cik isok lewat.  
> 
> Bareng wis mlaku, Wonokairun dadah-dadah nang supir-supir taksi iku, 
> mesam-mesem ambek ngomong "Ueenaaak teennaann . . ."   Konco-konco supir 
> taksi sing ndhelok Markun malih bingung kuabeh gilo kudhu mukok . .
> 
> 
> ===========
>




------------------------------------

Post message: prole...@egroups.com
Subscribe   :  proletar-subscr...@egroups.com
Unsubscribe :  proletar-unsubscr...@egroups.com
List owner  :  proletar-ow...@egroups.com
Homepage    :  http://proletar.8m.com/Yahoo! Groups Links

<*> To visit your group on the web, go to:
    http://groups.yahoo.com/group/proletar/

<*> Your email settings:
    Individual Email | Traditional

<*> To change settings online go to:
    http://groups.yahoo.com/group/proletar/join
    (Yahoo! ID required)

<*> To change settings via email:
    proletar-dig...@yahoogroups.com 
    proletar-fullfeatu...@yahoogroups.com

<*> To unsubscribe from this group, send an email to:
    proletar-unsubscr...@yahoogroups.com

<*> Your use of Yahoo! Groups is subject to:
    http://docs.yahoo.com/info/terms/

Reply via email to