UNDANGAN

 

KOMUNITAS LEMBAH PRING 
mengundang  Anda dalam agenda
rutin 

GELADAK SASTRA #2 : Bedah Kumpulan Cerkak BOBOK SURUH BODEH 

karya SABRANK SUPARNO

 

Ahad, 18 April 2010 

Pukul 9 pagi 

di Mushollah Dusun Dowong Desa Ploso Kerep Kecamatan Sumbito
Jombang

 

Pembahas: 

Anjrah Lelono Broto (sastrawan bahasa Jawa, Jombang ) dan
Ngaidi Wibowo (seniman ludruk Jombang)

 

Moderator : Koko Hari Purnomo.

 

Gratis dan terbuka untuk umum

 

Contact person: 

 

1.Jabbar Abdullah, Komunitas Lembah Pring Biro
Mojokerto-Jombang: 081 55 99 51 306

2.Fahrudin Nasrulloh, Komunitas Lembah Pring Biro Tandes
Surabaya:081 57 81 77 671

3.Sabrank Suparno: Hp:
081-359-913-627





Sebuah Cerkak

Bobok Suruh Bodeh

 

Sabrank Suparno*

 

Emboh yok opo
nalare, ora ono udan, ora ono angin, bledek koyok nyamber-nyamber ndukure
omah.  Padahal titimongso ketigo. Atine
Sumini koyok diremet-remet lugute galéng campur uyah. Ora koyok-koyo’o uripe.
Ibarate ndunyo kate kiamat. Srengengene mudun tambah mendek nduk nduwure ndas.
Wit-witan podo kobong. Lemahe marong nyemomong abang mbranang. Howo kiwo tengene
Sumini kroso panas. Sak ben tleraman kedipe moto dadi koyok munclak-munclak’e
mowo. Ono paribasan, panase srengenge disonggo wong akeh, tapi panase ati 
disonggo
dewe-dewe. 

Wes sepuluh
tahun suwene Sumini orep bebrayan karo Cak Sriono. Gak ono duso, gak ono
perkoro. Pancene atine Sumini kadang rondok tratapan lek nyawang anak wedhok
loro karone. Warti seng umur 9 tahun, ambek Saripah seng umur 7 tahun. Warti
lan Saripah kaet cilik uripe lewung. Emboh salah opone. Gak dirumat dino
becike, ta kurang jangkep uborampene. Kok sampek ngunu kedadeane. Barang wes
kadung kate diapakno. Bubur gak bakal balek dadi sego. Kadung lahir rupo
menungso mosok kate dibalekno nang guo garbane emakne. Senajan ngunu, atine
Sumini jek tumeko. Tegel ngadepine. Dikapakno ae seng jenenge anak iku pancet
daging getene wong tuo. Asale kroso enak, moro-moro dadi anak. Onok’e anak iku
pancen asale olehe gawe yo enak.

Demit opo seng
ngranjingi Sumini. Kok sampek koyok ngene iki kedadeane. Ono rong wulan iki Cak
Sriono jarang moleh. Roso tresno lan welas asihe marang anak bojone asat
saknaliko. Ora mili maneh teko pupuk punjere dodone Cak Sriono. Opo maneh duwek
koyone nyambut gawe malah gak tau mampir ngusapi gembremete telapaan tangane
Sumini. Mesti ae nggarakno jatae blonjo koter keteter-teter. Tanggung jawabe
Cak Sriono molai luntur. Jawabane jek ono, tapi tanggungane kabur kawusanane. 
Cak
Sriono yo wes gak tau nggatekno. Masio koncone seng jenenge Cak Pi’i gelek
nyemoni. Jarene Cak Pi’i, “lek nang
Jombang mampiro Sengon/ lemah geneng
akeh wedhine/ lek gak sambang kirimo ingon/ lek gak seneng opo mestine.” 

Mbok menowo mari
nglangkai oyote mimang. Pikirane Cak Sriono melang-melung. Sewek kawung bedah
pinggire, atine lewung owah pikire. Kahanan iki kepetong sakjeke Cak Sriono
riwa-riwi nang Tangkés Kali Bengawan. Tangkés seng sak ben bengi dienggoni
gembrumbul poro lonte, senuk, utowo ondolan. Jalaran ondolan, rupane Cak Sriono
kesebet bokong semoke. Langganan rutine Cak Sriono seng jenenge Sablah senajan
gak ayu tapi luweh semlohe tinimbang Sumini. Mesti ae irunge Cak Sriono seng
pancene nyonyo két bujang mekrok maneh. Mblenger disuguhi lodeh, rupane Cak
Sriono kepingin ngrasakno liyane. Ono seng rawon, soto, gule, lan kare. “Sri
Sri, biyen ketok opo, sak iki ketok opo. Biyen seneng, sak iki ngendeng. Lek
niate njajan nang warung, bungkuse buwak’en ae. Ojo digowo moleh. Lek mari
mangan ajange balekno,” kandane Cak Pi’i.. Mutung cendek alias negesnoe Cak Pi’i
nambahi, “Mosok uwong kok ngenteni dikandani, gak iso ngandani awake dewe ta!” 

Gak nerimakno
digremengi, Cak Sriono mulai mbukak cangkeme, ngobah ilate, “I, P’i, aku nduk
omah iku gak tau digatekno. Mangan ta gorong, mole ta gak, pegel ta ora. Kathek
bojoku lek tak jaluki, mesti sambatan pegel. Opo maneh rasane seje, turu lek
ambek bojo iku rasane koyok ambek dulur dewe.” Senajan salah, rupane Cak Sriono
tetep nduwe alasan mbelo awake dewe. Sepur ono stasiune, tapi omongane Cak 
Sriono
nyecret koyok maling kuyuan. Luweh mandes maneh nduk pungkasane omongan. Mari
ngomongno iku ketoke Cak Sriono lego. Omongane nggenah karo tolah-toleh lan
dipungkasi ngguyu njekakak, “Lek ambek Sablah iku I, iso digawe model sembarang
kalér. Lek Sumini, gak gelem.” Sawangane ndlolat-ndlolet, gak disongko Cak 
Sriono
tibak’e doyan nggawe model. Cak Pi’i godek-godek. Tlapakane nebas dodo. Batine
Cak Pi’i, bojo mosok digladrah. Gak wurungo lek bejat yo repot ndandakno. 
“Kebone
tonggo iku mesti ketok luweh mrajak, timbang kebone dewe. Engkok lek wes nduk
kebone tonggo, ganti kebone dewe mau seng ketok luweh ijo. Orep iku sawang
sinawang. Podo karo klantheng iku, lho. Masio abang, ijo, kuning, rasane podo 
ae.
Seng gulo e akeh bedho legine,” jlentreh Cak Pi’i.

Soyo suwe Cak
Sriono soyo raket karo Sablah. Pancen tresno nggarakno kelet. Sablah gelek
diendang-endeng liwat ngarepe Sumini. Nang endi ae Sablah kecandak kecangkeng.
Malah kabare wes rong minggu iki Cak Sriono kawin siri karo Sablah.

            Cak
Sriono ngguya-ngguyu, cengengas-cengenges. Gak mek Sablah thok seng ditunggangi,
tapi sepeda montore seng anyar yo ditumpak’i. Masalah nyicil kriditan sing ben
wulan dipikir mburi. Jare panas-panase srengenge, tapi mbulane luweh panas
mergo duwek anakan diterjang ae.

            Asal-usule
Cak Sriono cuma langganan biasa munggu e Sablah. Gak bedo langganan liyane.
Seng duwike muprul ambek Sablah, digoyang diluk, rontok sak suwal-suwale. 
Goyangan
seng ampang tanpo asmoro. Carane Sablah ngladeni pelanggan nganggo rumus: ono
duwek ono rupo. Dikiro lek Cak Sriono duwike gamo, gak rugi lek Sablah sak ben 
wulan
nganyarno jopomontro, supoyo Cak Sriono gak ocol nang wong wedhok liyo. Opo
maneh lek mek mbéngungno pikirane Cak Sriono, Sablah karek ngucut kartu lentrek,
diumet-umetno, didingkek sak njerone kecuk kenci lan babi. 

Sablah kaet
cilik uripe soro. Isuk sarapan, gorong mesti sore kemplokan sego. Mulane ora
maidho. Sak jege ero rasane golek duwek dadi begenggek, Sablah gak kepalang
tanggung. Gemrengseng kebutuhane. Umep munclak-munclak nduk mbun-mbunane. Ilate
lemes gae nglumpuhno kolomongso. Lhawong lambe seng nisor ae gak iso njogo, opo
maneh lambe seng nduwur. Kecepét nasib beketut tahun ndadekno Sablah
gibras-gibras. Ojo sampek orep nduk ndunyo pisan iki, kepinginane gak
keturutan. Tonggo iso tuku opo ae, munggu e Sablah kudu iso ngembari. Jalaran
soko ngunu iku, Sablah jungkir-walik ngedol awake. Cak Sriono karo poro
langganane mesti diperes dompete. 

            Roto-roto
seng kenal Sablah akeh kepincute. Ngulese omongan alus koyok jolosutro. Sak ben
korbane dicekoki ulekan bobok telung perkoro. Sepisan, dukune dimaekno. Kaping
pindo lentrek diumetno. Lha terahire, awake yo disingsetno. Sasate sakbendino,
Sablah ngracik ramuan terus diulek lembut. Ono seng rupo gambir, suruh bodeh,
lan godong luntas, supoyo langanane bah sugih bah mlarat terus awe-awe. Kembang
suruh nguwohe keneki mbuh gak ero, seng penting pokok e tuntas. Lha mergo
bobok’e Sablah iki, wong koyok Cak Sriono, congkrah rumah tanggane.             
     

 

----                         



Sabrank Suparno, penulis cerpen, cerkak, esai, dan puisi. Bergiat pula
di Lincak Sastra Dowong. Beralamat di Dusun Dowong. Desa Plosokerep, Kecamatan 
Sumobito,
Kabupaten Jombang. Email; sabrank_...@yahoo.com


Hp: 081-359-913-627

 

 




 




      

Kirim email ke