Humor Suroboyoan Jilid 1
Bagian 1 – Cerito Khayal
1 - Salesman

Kapanane onok Salesman Vaccum Cleaner teko nhik
omahku.

Ewangku durung sempet ngomong opo-opo moro-moro
salesman iku mau langsung nyebarno tembelek wedhus
ndhik karpet.

Jarene ngene ''Wis pokoke buk, lek sampek vaccum
cleanerku iki gak isok nyedot, tak jamin tak emploke
sithok-sithok tembeleke wedhus iku."

Jare ewangku "Peno kepingin didhulit sambel tha
ngemploke ?".

"Lho opoko masalae ?'' salesmane takok.

"Lha peno gak ndhelok tha saiki lampu mati ..."

2 – Rasa Stroberi tah . . .?

Pas acara perpisahan arek TK, setiap murid nggowo kado
gawe bu gurune.

Sing pertama maju anake pedagang bunga.  Bu gurune
ngambung kadone ambek mbedhek, 
"Isine kembang yo....".  

"Seratus buat bu guru.." jare anake pedagang bunga.

Sing kedua maju anake wong dhodhol mracang.  Ambek bu
gurune kadone
dikocok-kocok.  Wah iki rodok angel mbedheke, pikire. 

"Isine permen yo...".  

"Pinter bu guru.." jare anake wong dhodhol mracang.

Mari ngono, maju anake wong dhodhol es krim.  Pas
kadone diangkat, dhadhak netes.  Ambek bu gurune
tetesane diincipi.  

"Es krime rasa anggur yo..." jare bu gurune kemeruh.

"Salah..." jare areke.

"Rasa stroberi tah...?" bu gurune kemeruh maneh.

"Salah .." jare areke.

"Wis aku nyerah, rasa opo sih iku"  takok bu gurune.

"Isinya anak anjing kok bu guru..." 

3 - Ngentutan

Yuk Jah lungo perikso nang dokter. 

"Opoko sampeyan ning ?'' Jare doktere.

Yuk Jah terus cerito, "Iki lho dok, wis sak wulan iki
aku malih ngentutan.
Sak jam isok ping sepuluh aku ngentut.  Cumak untunge,
entutku iku gak mambu ambek gak onok suorone, dhadhi
gak onok sing ngerti.  Lha iki pas aku longgo ndhik
ngarepe sampeyan ae wis ping telu aku ngentut.  Tapi
sampeyan gak ngerti tho, mergo iku mau, entutku gak
muni ambek gak mambu.  Cumak aku malih gak enak dhewe,
mosok arek wedhok ngentutan ".

"Oh, ngono tah.. Lek ngono tebusen resep iki. 
Seminggu maneh mbaliko rene maneh" jare doktere.

Pas wis seminggu yuk Jah mbalik maneh nang doktere.

"Wis enakan tah ?" takok doktere.

"Aku gak ngerti obat opo sing dokter kekno wingi,
cumak entutku saiki kok
ambune malih bosok gak karuan.  Sampek kudhu nggeblak
aku.  Tapi untunge entutku sik tetep gak muni", jare
yuk Jah.

"Berarti saiki irung sampeyan wis gak buntu maneh. 
Saiki tebusen resep iki
yo" jare doktere.

"Obat opo maneh iku pak dokter ?" takok yuk Jah.

"Obat kopok.." 

4 - Lobang

Sakri ambek Nasip mlaku budhal mancing. Moro-moro
Nasip ndhelok onok lobang guedhe.

"Eh ayok dites jerune sak piro se lobang iki" jare
Nasip.

Sakri njupuk watu kali terus diuncalno ndhik lobang
mau.
Sui gak onok suorone blas... 

"Whuik jerune...," jare Sakri

"Watune kurang gedhe be'e, cobak kelopo" jare Nasip.

Sakri njupuk kelopo terus diuncalno maneh ndhik
lobang.
Sepiii gak onok suorone.... 

"Whuik jerune...," jare Sakri

"Sik golek sing luwih gedhe maneh," jare Nasip.

Mari golek-golek, arek loro iku akhire nemu beton
bekas bantalane rel sepur.
Berhubung abhot, betone digotong wong loro terus
disurung mlebu lobang.
Tapi yo ngono, suiii gak onok suorone... 

"Cik jerune lobang iki.." jare Sakri

Moro-moro seko semak-semak, onok wedhus mlayu katene
nubruk arek loro.
Selamete arek loro iku isok ngelesi, tapi sakno
wedhuse sing kecemplung lobang.

Kagete jik durung ilang, moro-moro onok Wak Dri nggowo
arit takok nang arek loro iku.

"He rek, kon ndhelok sing nyolong wedhusku tah ? Tak
bacoke wonge !!!'',
takok Wak Dri.

"Wah gak ngerti Wak Dri, cumak sik tas ae onok wedhus
kecemplung lobang iku" jare Nasip.

"Oo gak mungkin.. dhudhuk wedhusku lek sing iku,
wedhusku mau tak cancang ndhik betone rel sepur " 

5 - Avtur

Uwar ambek Joko koncoan apik, karo-karone kerjo ndhik
Lanud Juanda bagian pengisian BBM Pesawat.

Bengi-bengi pas udhan deres, Juanda sepi gak onok
pesawat sing wani mudhun, wong loro iku malih nganggur
gak onok gawean.

"Adem-adem ngene enake ngombe yo" jare Uwar.

"Wah iyo tepak iki.  Awakmu tau krungu tah lek avtur
iku isok diombe ?" jare
Joko.

"Yo tau se, jarene lek ngombe avtur isok mak busss
!!..kon wani nyobak tah
?" Uwar mulai gunggungan.

Mari ngono arek loro mbukak krane truk tanki avtur.
Wis tuwuk ngombe arek loro iku mulih terus keturon.

Isuke pas Uwar tangi, rasane awake sueger kuat.
Moro-moro onok tilpun muni, tibake Joko sing nilpun.

"Yok opo kon War..?" jare Joko

"Wah whuenak, kon yok opo ?" jare Uwar.

"Awakku yo sueger pisan.  Kon gak teler tah ?" jare
Joko.

"Gak blas, aku yo gak ngelu blas. Wis pokoke enak. 
Mene nyobak maneh tah ?" jare Uwar.

"Yo setuju, cumak aku kate takok, kon wis ngentut
dhurung ?" takok Joko.

"Dhurung.." jare Uwar.

"Wah gawat iki. Wis pokoke kon ojok sampek ngentut yo.
Diempet ae sak
kuatmu. ." jare Joko.

"Lho opoko masalae ..?" Uwar bingung.

"Soale aku saiki ndhik Banjarmasin.." 

6 - Argowilis

Onok wong papat podho gak kenale numpak sepur
Argowilis jurusan Suroboyo Bandung.

Sing pertama ibu-ibu umure sekitar 60an.  Ketokane
termasuk keluarga ningrat lek ndhelok pacakane.

Sebelahe ibu-ibu iku onok cewek ayu koyok covergirl
majalah umure sekitar
20an.

Ndhik ngarepe ibu-ibu iku mau onok tentara berseragam
dinas, lengkap karo
tanda jasane.  Pokoke berwibawa, umure 50an.

Sebelahe tentara mau onok arek lanang gondrong umure
25an. Ketokane rocker.

Selama perjalanan, wong papat iku ngobrol macem-macem.
 
Sampek moro-moro sepure mlebu terowongan athik lampune
mati, dhadhi petengan pol.  Wong papat iku malih
meneng kabeh.  

Gak sui moro-moro onok suoro pipi disun terus mari
ngono suorone wong
dikaplok PLAK..!!!.  
Wis mari ngono sepi maneh.

Sing ibu-ibu iku mau mbatin," Wah hebat arek wedhok
sebelahku iki, isok
menjaga harga diri, gak gelem diperlakukan
sembarangan".

Sing arek wedhok sebelae yo mbatin pisan,"Gak salah
tah, sing ngesun mau
iku, wong onok arek ayu koyok aku kok malah
nenek-nenek tuwek sing disun".

Lha sing tentara iku ambek ngusap-ngusap pipine sing
kenek kaplok melok
mbatin pisan,"Jangkrik,  gak melok ngesun tapi kenek
kaplok.  Dikiro aku
pengecut tah, lek aku gelem gak usah ngenteni peteng.
Wah tersinggung aku".

Arek rocker iku karo ngempet ngguyu melok mbatin
pisan,"Kapan maneh rek,
isok ngaplok kolonel gathik konangan. Padahal sing tak
sun mau iku tanganku dhewe".

7 – Mbah Jo

Mbah Jo dirawat ndhik rumah sakit.  Jare doktere
asmane wis kronis, irunge
sampek dipasangi selang. 
Wis pirang-pirang dino iki mbah Jo meneeng ae koyok
wong koma, mripate thok sing ketap-ketip.

Dikiro wis wayahe mangkat, anake nyelukno mudhin ben
didungakno.
Pas mudhine enak-enak ndungo, moro-moro Mbah Jo
megap-megap gak isok
ambekan, raine pucet, tangane gemeter.  
Nganggo bahasa isyarat mbah Jo nirokno wong nulis.

Anake ngerti maksute, langsung dijupukno kertas ambek
pulpen.  Ambek
megap-megap, mbah Jo nulis surat.
Karo siso-siso tenogone mbah Jo ngekekno surate iku
mau nang pak Mudhine.  
Ambek Pak Mudhine kertase iku mau langsung disaki,
rasane kok gak tepak moco surat wasiat saiki, pikire
pak Mudhin.
Mari ngesaki surat pak Mudhin nerusno ndungone.

Gak sui mari ngono mbah Jo mangkat.  Akeh wong sing
kelangan, soale masio sangar, mbah Jo iku wonge
apikan.

Pas selametan pitung dinane Mbah Jo, Pak Mudhin
diundang maneh.
Mari mimpin ndungo, Pak Mudhin lagek iling lek dhe'e
nganggo klambi batik
sing digawe pas mbah Jo mangkat. 
Lha ndhik sake lak onok titipan surate Mbah Jo tah,
waduh selamet iling aku
rek, pikire pak Mudhin.

"Derek-derek sedoyo, onok surat seko almarhum Mbah Jo
sing durung tak
sampekno nang peno kabeh. Lek ndhelok mbah Jo pas
uripe, isine mestine nasehat kanggo anak putune kabeh.
 Ayok diwoco bareng-bareng isi surate".

Mari ngono pak Mudhin ngerogoh surat ndhik sake,
bareng diwoco tibake munine..

JANCUK ….HE.. NGALIO DHIN !!!  OJOK NGIDHAK NDHIK
SELANG OXIGENKU !!!

8 - Jin

Mari kekeselen ngerombeng gak oleh-oleh, Kayat katene
ngaso ngisore wit
asem, mripate nguantuk, sikile kemeng, wetenge lue.
Sik tas katene keturon, dhadhak sikile ngincak botol.
Bareng botole
dijupuk dhadhak metu beluke, Kayat mencolot kuaget.

"Hua ha ha ha, jenengku jin botol, telu panjalukmu
bakal tak turuti," jare
jine.

"Gak percoyo aku, paling kon kate mbujuki aku. Biyen
aku iki guanteng lan
sugih, lha saiki aku malih ireng mlarat koyok ngene
iki mergo dibujuki
ambek jin" jare Kayat.

"Lho biyen iku be'e awakmu pethuk ambek jin kaspo, lha
aku iki lak jin
apikan tah, dhadhi wis gak usah khawatir.
Opo maneh awakmu wis kadung koyok ngono, gak bakal
isok luwih soro maneh, wis tah gak rugi pokoke. 
Lek gak percoyo, cobaken dhisik ae njaluk opo" jare
jine maneh.

"Yo wis, awas lek awakmu mbujuki. Tak gibheng kon !!!.
 Sing pertama, aku
kepingin ndhuwe dhuwik sak karung," jare Kayat

"Meremo dhiluk.." jare jine.  Ting... Pas melek
moro-moro ndhik ngarepe
Kayat wis onok dhuwik sak karung, seket ewuan kabeh.

"Sik gak percoyo tah awakmu, saiki njaluk opo maneh ..
?" jare jine.

"Saiki .... aku njaluk omah mewah sak montore, pokoke
lengkap sembarange." jarene Kayat.

"Meremo dhiluk.." jare jine.  Ting... Pas melek
moro-moro Kayat wis nang
njero omah mewah. Kayat sueneng gak karuan.

"Lha saiki kari sithok panjalukmu sing isok tak
turuti, pikiren sing
temenan cik gak getun" jare jine.

Ambek merem-merem mbayangno, Kayat njaluk,"Aku
kepingin kulitku malih
putih wudho dirubung wong wedhok akeh".

Pas katene melek, samar-samar Kayat krungu suorone
wong wedhok rame ambek keroso awake dicekel-cekel.
Tapi kok mambu iwak pindang, pikire Kayat mulai
curiga.

Bareng melek, Kayat kuaget lha kok wis nang tengah
pasar, tibake Kayat wis
dhadhi tahu. . .

  1 – Kaspo thok ! ! !

Sudjak pamitan ambek bojone kate tuku rokok sedhiluk.
Mari tuku rokok, dhadhak Sudjak kepethuk bekas pacare
biyen.
Gak keroso enak-enak sir siran dhadhak wis jam rolas
bengi.

"Waduh blaen iki, isok mencak-mencak bojoku.  Aku
njaluk wedhakmu sithik." jare Sudjak ndhik bekas
pacare.

Mari njaluk wedhak, Sudjak pamitan mulih.

"Ndhik endhi ae peno iku Cak, tuku rokok nang Hongkong
tah ?" bojone mulai purik.

"Ngene lho dhik, mari tuku rokok aku pethuk cewek ayu
terus dijak sir siran sampek lali mulih" jare Sudjak.

"Cak.. cak.. modelmu ae athik sir siran barang.. sik
ndhelok tanganmu !!!" jare bojone Sudjak.

Pas didhelok, tangane Sudjak putih kabeh.

"Kaspo thok . .!!!  Mene sampek konangan karambol
maneh awas kon yo !!!"

2 – “Rp. 200,000”

Sore-sore jam 3 onok tamu teko omahe Cak No.

"Kulo nuwun.  Aku Kusen ning. Cacakmu onok tah ?" jare
tamune.

"Sik durung mulih.. diluk ngkas paling, pinarak sik
cak.." jare bojone Cak No.

Mari ngono arek loro malih asik ngobrol ambek ngenteni
Cak No mulih.
"Sik tah ning, lek tak sawang-sawang sampeyan iku ayu
lho athik seksi
pisan''  Kusen mulai ngerayu.

"Peno jok macem-macem lho, tak kandakno bojoku tebhal
sampeyan" jare bojone Cak No.

"Ngene lho ning, aku wis gak tahan maneh.  Lek aku
oleh sun pipi sampeyan
pisan ae, dhuwik satus ewu iki jupuken" jare Kusen
ambek ngetokno seket
ewuan loro.

Pikire bojone Cak No, mek disun thok ae, gak bakal
konangan, opomaneh jamane krismon lak lumayan tah.

"Yo wis, tapi diluk ae yo".  jare bojone Cak No.  Mari
ngesun, Kusen
ngekekno dhuwike.  

"Tapi ning, aku sik gak lego lek gak ngesun
karo-karone.  Lek oleh ngesun
sitoke, tak kei satus ewu maneh" jare Kusen.

Pikire bojone Cak No, yo gak opo-opo se, paling mek
diluk koyok mau.  Mari
ngesun, Kusen ngetokno satus ewu maneh.  
Bojone Cak No sueneng gak karuan, "Sing iki pisan
cak... gae bonus", jarene.

Mari ngono Kusen terus pamitan alasane kesuwen
ngenteni Cak No gak teko-teko soale katene arep onok
urusan liyo.

Gak sui, Cak No mulih.  "Cak mau onok konco sampeyan
teko jenenge Kusen, wonge antik pol.." bojone cerito.

"Oh iyo pancen mbethik arek iku..  Jarene kate nyaur
utang rongatus ewu, wis
dibayar tah ?."

3 – Mulih Gasik

Munawar, Sapari ambek Kelik kerjo ndhik pabrik
paralon.  
Arek telu iki wis sui koncoan apik, cumak sayang Kelik
wonge rodhok ndlahom sitik.

Arek telu iki niteni, ben dino bosse mesti mulih
ndhisiki, jam loro awan
ngono wis amblas.
Sui-sui arek telu iki mangkel kate melok-melok.  
"Wis ngene ae rek, mene lek boss moleh awan, kene yo
melok mulih awan pisan" jare Munawar.

Menene temenan, jam loro awan bosse wis mulih. 
Langsung ae arek telu iku
melok amblas.

Munawar gak moleh tapi langsung nang bengkel mbenakno
sekok sepeda montore.

Lek Sapari mek salin thok terus budhal mancing.

Kelik thok sing mulih omah, langsung njujug kamar.  
Lawang kamare dibukak alon-alon, karepe kate ngageti
bojone.  
Dhadhak malah Kelik dhewe sing kaget.  
Masalae pas lawange dibukak Kelik ndhelok bojone lagi
turu ambek bosse.  
Mari ndhelok ngono, Kelik nutup lawange maneh
alon-alon terus minggat.

Menene Sapari ngejak mulih gasik maneh, "Lumayan rek
aku wingi oleh tombro gedhe-gedhe".

"Ayok wis, aku tak melok kon mancing ae" jare Munawar.

Kelik thok sing gak gelem "Gak wis, gathik!!!.  Kapok
aku".

"Lho opoko kon iku.?" takok konco-koncone.

"Soale wingi aku meh konangan.."

4 - Babaran

Bojone Turkan mbobhot guedhe, wis kari ngitung dino. 
Jare konco-koncone, onok dukun sekti jenenge Wak So
sing isok mindahno
lorone wong ngelairno seko ibuke ndhik bapake jabang
bayi. 
Mergo kepingin nyenengno bojo, Turkan manut opo jare
konco-koncone.
Pas wis wayahe, Turkan ngeterno bojone ndhik nggone
Wak So. 

Karo Wak So, Turkan ditakoni kiro-kiro sak piro kuate
nanggung lorone wong
babaran.  
Gawe permulaan Turkan njaluk seprapat dhisik.  
Ambek Wak So, Turkan sikile dicancang tali rapia terus
dikongkon cekelan
amben sing kuat, soale masio mek seprapat, lorone wis
gak ketulungan.

Mari moco aji-aji, Wak So mulai mindahno lorone bojone
Turkan sing wis
tambah mules.
Tibake Turkan menter gak bengok-bengok blas.  Wak So
bingung, cik kuate arek iki.  
Malah Turkan njaluk ditambah maneh lorone.
Ambek Wak So dipindahno maneh lorone sampek separo.
Tibake Turkan tetep menter gak keroso loro blas.  
Mergo sik keroso kuat, Turkan njaluk ditambah maneh
lorone sampek telung
prapat.

Masio bingung Wak So tetep nuruti panjaluke Turkan
iku.
Tibake Turkan sik pancet menter, cumak rodhok pucet
sitik.
Jarene Turkan, "Wis Wak So, lorone kekno aku kabeh ae,
cik bojoku gak usah ngerasakno loro blas".

Mari ambekan dhowo, Wak So ngepolno tenogone gawe
mindahno lorone ndhik Turkan kabeh.
Gak sui ngono bayeke langsung lahir.
Bojone Turkan ketok seger mergo gak loro blas, bayeke
yo seger, Turkan yo
sik isok mesam-mesem.
Ambek Wak So, Turkan disalami, "Hebat awakmu nak".
Gak sui Turkan sak keluarga pamitan mulih.

Bareng katene mlebu montor, supire Turkan digugah
mueneng ae, tibake wis
mati .....

5 – Bakul Bakwan

Enak-enak turu tengah wengi, anake cak Srondhol
nuangis koyok wong kewedhen.
"Aku ngimpi mbah Kakung mati ..." jare anake.
"Wis gathik mewek, turuo maneh, iku ngono mek ngimpi"
jare cak Srondhol.

Isuke onok interlokal ngabari lek Bapake Cak Srondhol
kenek serangan jantung, mati.

Minggu ngarepe, anake nangis maneh tengah wengi.
"Aku ngimpi mbah Putri mati...." jare anake.
"Wis tha percoyo aku, iku ngono mek ngimpi, age ndhang
turuo maneh" jare cak Srondhol.

Menene onok interlokal maneh lek ibuke cak Srondhol
tibo kepleset ndhik jedhing, mati pisan.

Mari pitung dhinone ibuke, anake nangis maneh tengah
wengi.
"Aku mimpi bapakku mati... " jare anake.
"Koen ojok percoyo ambek ngimpi, wis kono turuo maneh"
jare cak Srondhol.

Mari anake turu maneh, genti cak Srondhol sing gak
isok turu.
Ketap-ketip, pucet kewedhen dhewe, pas temenan aku
kate mati pikire.

Isuke bojone cak Srondhol genti sing nangis
berok-berok.
"Opoko koen iku isuk-isuk wis mbrebes mili ?" jare cak
Srondhol.

"Iku lho Cak.... bakul bakwan langgananku mati...."

6 - Purik

Sumar lagi enak-enak nontok bal-balan ndhik tv,
moro-moro bojone ngeriwuki
"Cak, lampu terase pedhot, tulung pasangno sing anyar
po'o".

"Masang lampu ?!!!. Kon kiro aku iki PLN tah...!!! "
jare Sumar
muring-muring.

"Yo wis lek gak gelem, ngene ae cak, tulung benakno
kran banyu ndhik jeding
po'o cak, eman banyune amber-amber" takok bojone
maneh.

"Mbenakno kran ?!!!. Kon kiro aku iki PDAM tah ...!!!
" jare Sumar ambek
menteleng.

"Lengo gase yo entek pisan cak, lek sampeyan tuku
rokok aku tulung tukokno
pisan po'o cak.." 

"Dikandani jek nambeng ae arek iki, kon kiro aku iki
PERTAMINA tah ..!!! "
Sumar tambah mangkel.

Mergo mangkel diriwuki terus, Sumar minggat nontok
bal-balan ndhik omah
koncone.

Mulih jam loro isuk, Sumar kaget terase wis padhang. 
Pas wisuh ndhik jeding
banyune yo wis gak amber maneh.
Sumar yo ndhelok lek jerigen lengo gase wis diisi
full.

Isuke Sumar takok ambek bojone sopo sing nulungi.

"Ngene lo cak, mari sampeyan minggat mau, aku nuangis
ndhik ngarep omah. Mari ngono onok arek lanang
ngganteng teko.  De'e takok opoko kok nangis. Aku yo
cerito lek lampuku pedhot, kranku bocor,lengo gasku
entek, bojoku purik.  Lha de'e nawakno kate nulungi
cumak onok sarate.... " bojone cerito.

"Opo sarate ?" Sumar mulai curiga.

"Sarate iku aku isok milih, nggawekno roti utowo
nglencer karo de'e " jare
bojone.

"Lha terus kon nggawekno roti opo..? " Sumar takok
maneh.

"Nggawekno roti ?!!!. Kon kiro aku iki Pabrik Roti tah
!!!..."
 

Bagian 3 – Wonokairun ambek Bunali
1 – Ngumbah Kucing

Wonokairun tuku rinso ndhik tokone Bunali.

“Mbah, kok dengaren sampeyan umbah-umbah dhewe ?”
takok Bunali.

“Aku katene ngumbah kucing” jare Wonokairun.

“Gak salah tah Mbah.” Bunali bingung.

“Iyo soale kucingku akeh tumane.” Jare Wonokairun.

“Wah yo isok mati kucing sampeyan Mbah” Bunali
ngilingno.

“Lho koncoku wingi ngono, yo gak opo-opo”  jare
Wonokairun.

Mari mbayar, Wonokairun mulih katene ngumbah kucinge.

Sisuke, Wonokairun teko maneh ndhik tokone Bunali kate
tuku rokok.

“Yok opo kucing sampeyan Mbah ?” takok Bunali.

“Kucingku mati “ jare Wonokairun.

“Lho lak temen tah.  Sampeyan iku tak kandhani gak
percoyo.  Laopo kucing atik diumbah ambek rinso, wong
onok obat tumo” jare Bunali nyeneni.

“Kucingku mati gak mergo rinso” jare Wonokairun
njelasno.

“Opoko lho ??” Bunali gak sabar.

“Tak peres . . . .”

2 – Y u y u

Sore-sore Wonokairun dijak ngobrol ambek Bunali.

"Mbah.  Jare arek-arek sampeyan wis rabi ping telu. 
Yo tah ? " takok Bunali.

"Yo bener. Tapi bojoku wis tebhal kabeh. " jare
Wonokairun.

"Lho kok isok ?" jare Bunali.

"Sing pertama mati nguntal yuyu. " jare Wonokairun

"Lha sing kedua ?" takok Bunali

"Sing kedua mati nguntal yuyu. " jare Wonokairun.

"Lha sing ketiga yo nguntal yuyu pisan " jare Bunalu
kemeruh.

"Gak.  Matine mergo tak gibheng." jare Wonokairun.

"Lho opoko ?" takok Bunali.

"Soale gak gelem nguntal yuyu . . ."

3 - Mancing

Sore-sore mari udhan, Wonokairun mancing nang got
cilik ndhik ngarepe warunge Mbok Ten.
Ambek rokokan klobhot, Wonokairun ndhodhok sarungan
nyekeli pancinge.

Wong-wong sing katene andhok mesti ndhelok Wonokairun.
Onok sing sakno, onok sing kudhu ngguyu, onok sing
ngiro wong gendheng yo onok sing cuek ae.

Gak sui Bunali teko katene andhok pisan.  Bareng
ndhelok Wonokairun koyok ngono langsung gak mentolo.

"Mbah, ayok melok aku mangan, wis tah tak bayari ojok
kawatir. " jare Bunali.

Pertama Wonokairun isin-isin gak gelem, tapi mari
dibujuk-bujuk akhire gelem.
"Sampeyan pesen panganan opo ae sak senenge," jare
Bunali.

Mari mangan warek, Bunali ngejak Wonokairun ngobrol.

"Sampeyan mancing ndhik peceren kono mau mosok onok
iwake ?" takok Bunali.

"Yo onok rek !! Lek gak, lha lapo tak belani ndhodhok
sarungan sak uwen-uwen. " jare Wonokairun.

"Mosok se Mbah.  Wis oleh iwak piro Sampeyan ?" jare
Bunali gak percoyo.

"Awakmu sing ke limo . . ."

4 - Minimarket

Wonokairun lagi blonjo ndhik minimarket cedhak omahe.
Sing dituku tibake daging kalengan gawe pakane kucing.
Pas katene mbayar, Wonokairun ditakoni kasire.

"Mbah, lek sampeyan katene tuku pakan kucing iki,
sampeyan kudhu mbuktekno lek sampeyan iku ndhuwe
kucing.
Aku khawatir lek tibake pakan kucing iki sampeyan
emplok dhewe. " jare Bunali, kasire.

Wonokairun gak protes, mulih diluk, mbalike nggendhong
kucing dipamerno ndhik Bunali.
"Iki kucingku " jare Wonokairun ambek mbayar daging
kalengan gawe kucinge.

Sisuke Wonokairun teko maneh ndhik minimarket, saiki
tuku biskuit balung pakane asu.
Pas katene mbayar, ditakoni maneh ambek Bunali.

"Mbah, sampeyan ndhuwe asu tah ?. Aku khawatir lek
tibake pakan asu iki sampeyan emplok dhewe. " jare
Bunali, kasire.

Wonokairun gak protes, mulih diluk, mbalike nuntun asu
dipamerno ndhik Bunali.
"Iki asuku " jare Wonokairun ambek mbayar biskuit
balung gawe asune.

Sisuke Wonokairun teko maneh ndhik minimarket, saiki
nenteng kardus bekase indomi sing pinggire dibolongi
sak driji.

"Mbah, sampeyan katene tuku pakane ulo tah ? " jare
Bunali.

"Iki isine dhudhuk ulo.  Cobaken tanganmu lebokno kene
lek pingin ngerasakno.  Wis tah tak jamin gak bakal
nyatek. " jare Wonokairun.

Pertama Bunali rodhok wedhi, tapi mari dibujuk
Wonokairun akhire Bunali kendhel.  Drijine dilebokno
ndhik bolongane kerdus.
Tibake njerone onok gembuk-gembuke.  Pas drijine
ditarik maneh, ambune malih gak whuenak.

Bunali misuh-misuh gak karuan, " Damput, ancene wong
dhobhol, lha laopo aku sampeyan kongkon ndhemok
tembelek."

"Saiki, oleh tah aku tuku tisu kamar mandi ? ". 

5 - Pikun

Sore-sore Wonokairun nangis gerung-gerung ndhik
pinggir embong ambek napuki sirahe.
Gak sui Bunali liwat, begitu ndhelok onok wong tuwek
nangis langsung mandhek nakoni.

"Mbah, laopo sampeyan nangis ndhik pinggir embong ?"
takok Bunali.

"Aku ndhuwe bojo anyar ndhik omah, sik tas ae tak
rabi, umure 20 taun, sik enom, ayu, semlohe. " jare
Wonokairun ambek nangis.

"Lho lak enak se sampeyan, laopo kok nangis lho ?. "
Bunali mulai bingung.

"Ngene lho cak, wis ayu, bojoku iku yo pinter masak. 
Opo ae kari njaluk, jangan asem, rawon, brengkes,
sembarang sing enak-enak pokoke. " jare Wonokairun.

"Lha kurang opo maneh sampeyan Mbah.  Ngono kok sik
mewek ae. " Bunali tambah bingung.

"Mari ngono yo, bojoku iku setia pol ambek aku. Lek
onok sing nggudho langsung dikandhakno aku. " jare
Wonokairun maneh.

"Lek ngono ceritane, lha terus opoko sampeyan kok
nangis gerung-gerung gak mari-mari ?" Bunali wis gak
sabar meneh.

"Masalae aku lali ndhik endhi omahku . . . ."

Bagian 4 - Romlah
1 - Kulit Mungsuh Kulit

Pak Imron ndhuwe anak wedok jenenge Romlah. Anake iki
waduh uwayune pol. 

Selain iku Pak Imron yo nduwe pembantu jenenge Soleh.
Pembantune iki areke mbethik. 

Masio Nakal tapi Soleh iku areke sregep, dikongkon
sembarang mesti gelem. 
Lha Soleh iku wis suwe ngesir Romlah. Berhubung de'e
pembantu dadi Soleh gak wani nggudho langsung. 

Akhire Soleh oleh kesempatan. Pas Romlah turu ndhik
kamar, Bapake Romlah nyeluk Soleh tekok kamare, 
"Leh . . Soleh,  Bapak jupukno sandal ndhik kamare
Romlah cepetan". 

"Iyo pak, tak jupukno" jare Soleh, mari ngono Soleh
mlebu Nang kamare Romlah 

"Lah . . Romlah, aku dikongkon bapak ngesun pipimu"
jare Soleh. 

Romlah kaget lan gak percoyo, "Leh.. koen ojok kurang
ajar lho. Engkok koen tak kandakno Bapak."

Soleh terus mbengok banter," Pak..pak.. Romlah gak
gelem pak."

Bapake Romlah emosi dibengoki Soleh, mari ngono
ngomong banter, 
"Romlah kekno ae, ojo nbantah perintahe Bapak."

Romlah terpaksa manut, terus pipine disun karo Soleh. 

Mari ngesun pipine Romlah, Soleh njupuk sandale terus
mblayu nang kamare Bapak, "Pak.. pak, iki lho sandale
sampeyan," jare Soleh.

Mari ngono Pak Imron metu tekok kamar. Pak Imron kaget
ndhelok Romlah Nangis, "Lah.. Romlah awakmu opoko kok
Nangis". 

"Aku mari diambung karo Soleh", jare Romlah.

"Opoo !!!" jare Bapake Romlah ngamuk, saking ngamuke
sampek ngentut duuut.
"Leh ... Soleh koen kok wani ngesun Romlah !!!".

"Pak .. pak,  sampeyan ngono ae kok ngamuk, iki lak
cuma kulit mongso kulit "  jare Soleh.

Akhire Bapake Romlah gak sidho ngamuk didem-demi
Soleh. 


Gak suwe ibuke Romlah mulih tekan pasar. Ibuke Romlah
kaget pisan ndhelok Romlah nangis.
Bareng ngerti lek Romlah disun Soleh, Ibuke Romlah
terus muntap, duren sing sik tas dituku dijupuk terus
digebekno nang raine Soleh. 

Soleh nangis gerung-gerung ngrasakno lorone. Mari
ngono Bapake Romlah ngomong Nang Soleh, "Leh . Soleh,
iku lak cumak kulit mongso kulit ae. Mosok ngono ae
wis Nangis".

"Pancene sampeyan iku gendeng Pak !! " jare Soleh
ambek nangis.

2 - Gantine Soleh

Mari raine digebeg duren, akhire Soleh njaluk metu.
Mari ngono, Pak Imron oleh ewang anyar jenenge Sutaji.
Lha Sutaji iku awake dempal cumak wonge ndlahom, lek
diperentah musti ngelakonine kewalik.

Isuk-isuk, Romlah ambek mboke ngrasani Sutaji.  
"Mak, ewange Bapak iku lho wuantik poll wonge.  Wingi
lak dikongkon Bapak ngedhuk sumur cik tambah jeru, lha
terus lempunge digawe nguruk pekarangan.
Lha pas sore kate ngangsu, Bapak iku muring-muring
nggoleki sumure gak onok.  Tibake jare Sutaji, sumure
wis diuruk roto.  Pekarangane sing malah bogang kabeh.
Ngono Bapak gak wani, jarene wedhi digibheng ".

Mboke Romlah cerito pisan.
"Iku sik gak sepiro, lha wingi iku Sutaji tak kongkon
tuku pithik.  Aku pesen tulung brutune buaken, terus
susuke simpenen ngisore bantalku.
Dhadhak pas aku katene turu, bantalku kok mbendhol. 
Tibake bantalku diganjel brutu.  Bareng tak takoni
endhi dhuwik susuke.  Wis tak buak, jarene."

Pas enak-enak cerito, moro-moro krungu suoro Pak Imron
berok-berok ndhik pawon.
"Tulung ! ! Tulung ! ! "

"Waduh blaen iki.  Age cepetan, bapakmu selak mlonyoh
kabeh" jare mboke Romlah.

"Lho Bapak lak sik mbangkong se" jare Romlah.

"Iyo.  Tapi Sutaji mau tak kongkon nggodhok pohong
gawe sarapane Bapakmu !!".

3 – Nginceng

Kamut, Gempil ambek Togog enak-enak cangkruk di sore
hari.
Moro-moro Romlah, anake Pak Imron, liwat numpak
sepeda.  
Arek telu iku langsung ngowo ndhelokno.

" Arek ayune koyok ngono lek turu yok opo yo ?" jare
Kamut.
"Lek turu yo merem rek.  Lak mosok koyok awakmu, lek
turu nyengir koyok jaran" jare Gempil.
"Maksudku, klamben tah gak ngono lo". jare Kamut.
"Lek ngono, engkok bengi diinceng tah ?" jare Gempil
gunggungan.
"Wah iyo rek tepak rek." jare Kamut.

Lha Togog iku awake gedhe tapi wonge gocik.
"Gak melok-melok aku.  Mboke sangar rek.  Kapanane
Soleh digebeg duren raine bundhas kabeh" jare Togog.

"Omahe lak tingkat.  Ngene ae. Awakmu lak gedhe tah. 
Tugasmu nggendhong aku ambek Gempil.  Aku sing ndhik
ndukur.
Lek wis ketok, aku nyeritakno nang Gempil, terus
Gempil nyeritakno nang awakmu." jare Kamut maneh.

"Yo wis setuju." mari ngono arek telu iku buyar
ngenteni bengi.

Bengine, sesuai rencana Togog sing paling ngisor, mari
ngono Gempil ndhik tengah terus Kamut paling ndukur.

"Areke lagi surian" Kamut mulai cerito.
"Areke lagi surian" Gempil nerusno ndhik Togog.
"Yo tah?." jarene Togog.

"Areke lagi bukak klambi" Kamut mulai cerito.
"Areke lagi bukak klambi" Gempil nerusno ndhik Togog.
"Mosok se?." jarene Togog, ambek sikile mulai kemeng.

Moro-moro Togog ndhelok onok sentolop seko kadhoan.
"He rek onok Hansip, age cepetan" mari ngono arek telu
iku semburat ndhelik.

Mari ngono, Hansipe nggoleki gak ketemu.  Onoke mek
karung telu.
Ambek Hansipe karunge disuadhuk.
Sing pertama isine Kamut, pas disadhuk munine
"Meeoong."
"Oooh kucing tibake" pikire hansipe

Sing keloro isine Gempil, pas disadhuk munine
"Guk..guk!."
"Oooh kirik tibake" 

Lha sing terakhir iku isine Togog, bingung katene muni
opo.
Bareng disadhuk dhadhak munine " Kentaaang !".

4 - Telulas

Sore-sore Sutaji mlebu omah berok-berok, ambek raine
ditutupi. Sak omah melok gupuh kabeh.
Ambek mboke Romlah ditakoki, "Opoko awakmu iku,
pencilakan koyok tandhak bedhes ?"

Sutaji gak langsung njawab, pas tangane dibukak raine
bundhas abang kabeh. Lambene njedhir getien.
Mari diombeni banyu, Sutaji rodhok adem terus isok
cerito ndhik Romlah.

"Ngene lho.  Aku lak mari ngandangno wedhuse Bapak ta.
 Lha aku krungu akeh arek cilik-cilik bengok-bengok
ambek kotekan ngene..telulas teng teng teng... telulas
crek crek crek... telulas teng teng teng . . . terus
ae dibolan-baleni. Tak goleki suarane tibake ndhik
njero gardu hansip.  Tak dhelok gedheke bolong persis
sak ndhasku. 

Saking penasaran onok opo, gardhune tak cedaki, 
tibake suorone tambah banter... telulas teng teng teng
... telulas crek crek crek ...terus ae.

Tak pikir paling iku arek-arek lagi totoan. Lagek ae
ndhas ku njengongok ndhik bolongan iku mau, moro-moro
arek-arek iku nggepuki raiku ambek kulit duren,
godhong blarak, sapu, panci gosong, kentes hansip
sembarang kalir sampek bundhas kabeh koyok ngene.  Pas
aku isok narik ndhasku, aku langsung plencing, mlayu
sipat kuping.

Lha mari ngono arek-arek iku mau mbengok maneh . .pat
belas teng teng teng... pat belas crek crek crek...pat
belas teng teng teng"

5 - Maling

Mari ngunci kandang sapi, Sutaji mergoki onok arek
menek ondho katene mlebu kamare Romlah.
Ambek Sutaji, ondhone digedrok-gedrok sampek malinge
ceblok.  
Mari ngono, malinge diseret dilebokno kandang ndhik
mburi omah.

Mari klambine dicopoti kabeh, malinge iku mau
dicancang nang cagak.
"Kapokmu kapan !!, mene isuk tak lapurno juraganku,
saiki turuo ae sing kepeNak" jare Sutaji.

Isuke Sutaji ngejak bapake Romlah marani maling sing
dicancang Sutaji.
Bareng diparani tibake malinge semaput, awake pucet,
peok, ambune basin, ambek dhodhone abhang kabeh.
"Lho Ji, iki Na Togog sing mbiyen nginceng anakku. 
Waduh saknone arek iki Ji, mari kon kelamuti tah Ji
?".

"Lha lapo aku ngelamuti maling !!!, sampeyan takokno
dhewe Nang areke".

Mari diguyang banyu, malinge tangi maneh.  "Opoko kon
iku Le?" jare Bapake Romlah.

"Ampun Pak... sak wengi aku bengok-bengok gak onok
sing nulungi.  Pedhet sampeyan iku gak onok mboke tah
?".

6 – Mo Limo

Mari dikelamuti pedhet, Togog dilapurno nang polisi
ambek bapake Romlah.
Ambek polisine Togog terus dilebokno penjara.

Tibake penjarane wonge sangar-sangar, brewokan,
dempal-dempal akeh tatone.
Isine kiro-kiro satus, onok preman, jagal, bromocorah,
korak lan sak panunggalane.
Togog malih wedhi, opo maneh durung tau mlebu penjara.

Pas wayahe antri mangan, Togog mulai oleh konco.

"Awakmu wong anyar yo ?" jare konco anyar iku.

"Iyo . . ." jare Togog.

"Wis gak usah pusing, ndhik penjara iku malah enak.
Mangan ditanggung, klambi dijatah, turu gak mbayar.
Opo maneh ndhik penjara iki awakmu isok nglakoni sing
jenenge Mo Limo sak tuwukmu." jare koncone Togog.

"Lho cik enake.  Opo ae acarane ndhik kene ? takon
Togog.

"Bengi iki malem Senen, acarane maling.  Kabeh Napi
ndhik kene saling copet-copetan.  Lha dhuwike bakal
digawe main malem Seloso sisuk.
Awakmu arek anyar kudhu isok nyopet dhuwik sing akeh,
mergone biasane arek anyar sing dikongkon dhadhi
bandare ", jare koncone Togog.

"Oo gak masalah iku, ndhik kampung aku tau dhadhi
bandar buntutan.  Tapi lek digerebeg polisi yok opo ?"
jare Togog.

"Katene digerebeg yok opo maneh, wong awakmu wis ndhik
penjara. Lha malem Rebone iku acarane minum.  Biasane
arek anyar koyok awakmu dikongkon ngentekno bir limang
botol", jare koncone Togog.

"Oo gak masalah iku, sepuluh botol ae sik kuat aku"
jare Togog.

"Mari ngono, malem Kemise iku acarane madhat.  Pokoke
sembarang onok, ganja, sabu-sabu, heroin, sak
tuwukmu", jare koncone Togog.

"Wah tepak wis, lek aku senenge sabu-sabu.  Tapi lek
kecekel polisi yok opo ?", jare Togog.

"Lek awakmu nyabu ndhik hotel, pasti digerebeg terus
dilebokno penjara.  Lha wong awakmu wis ndhik penjara,
katene dilebokno endhi maneh.  Wis tah, pokoke aman."
jare koncone Togog.

"Wah sip lek ngono.  Lha malem Jum'at acarane opo ?
jare Togog.

"Awakmu homo tah dhudhuk ?" takon koncone Togog.

"Ngawur ae, aku iki normal rek !!! " jare Togog.

"Wah berat iki cak ", jare koncone Togog.

"Lho opoko masalae ? " takon Togog.

"Soale malem Jum'at, malem Sabtu ambek malem minggu
iku acarane madhon.  Lha biasane arek anyar iku sing
dhadhi wedhoke ".

























__________________________________________________
Do You Yahoo!?
Tired of spam?  Yahoo! Mail has the best spam protection around 
http://mail.yahoo.com 




------------------------ Yahoo! Groups Sponsor --------------------~--> 
Tired of hearing the same songs over and over?
Listen to Internet Radio! Skip songs. Click to listen to LAUNCHcast!
http://us.click.yahoo.com/.mKGzA/HARHAA/kkyPAA/iPMolB/TM
--------------------------------------------------------------------~-> 

=================================================================
"Morning greetings doesn't only mean saying 'Good Morning'.
It has silent message saying that I remember you when I wake up.
Wish you have a Great Day!" -- Ida Arimurti

Jangan lupa simak IDA KRISNA SHOW SENIN HINGGA JUMAT di 99,1 DELTA FM
Jam 4 sore hingga 8 malam dan kirim sms di 0818 333 582.

=================================================================
 
Yahoo! Groups Links

<*> To visit your group on the web, go to:
    http://groups.yahoo.com/group/idakrisnashow/

<*> To unsubscribe from this group, send an email to:
    [EMAIL PROTECTED]

<*> Your use of Yahoo! Groups is subject to:
    http://docs.yahoo.com/info/terms/
 



Kirim email ke