Tukidjo versi Pak Thuy

Tukijo telpon ponakane Tukiman, asli mbantul sing saiki kerja nang Garuda.

 Tukijo: "man man.. aku dipesenke siji iso ra? Aku rep nang mbandung tilik
calon bulikmu."

Tukiman: "nggih lik.. mbenjang kulo kirim liwat pos kilat."


Tukijo atine ayem. Pikire sido numpak montor mabur karo Paijem ke kasih
hati-ne. Esuk2 pak pos teko, ngulungke bungkusan gede kanggo Tukijo. Bareng
dibuka jebul obat nyamuk  cap garuda. Tukijo nyumet obat nyamuk, mlayu2 karo
cangkeme muni oeeeng oeeng nirokke suara montor mabur nganti njontor.



                                                  ***





Tukijo janjian lelungan karo konco2 chat bocah2 #kr. Klambi lan kathoke di
setrika mlithit, blonyoan minyak srimpi, rambute di sisir rapi, malah
nyengkelit sisir barang. Tukijo wis nyiapke gitar, pakaian pantai pirang2
stel. Wong kangsen-e arep lelungan nang pantai. "wah. Plesir iki," batine
Tukijo.



Tekan kfc, tukijo nyalami konco2 sing wis do teko. Tukijo paling mlithit.

"Ayo lek mangkat, jemputane wis teko,,,." Jarene kancane. Mak nyat, Tukijo
mbendoyot nggowo barange. Mak jegagik si Tukijo bareng ngerti sing njemput
kuwi truk sorodadu.
"Loh..??" Tukijo ngowoh. "Ngopo ra numpak travel wae?" pitakone.

Kancane mangsuli: "numpak iki wae sedhelo.. terus engko nunut Hercules tekan
Medan lan nyambung numpak truk nang Meulaboh-e."

Tukijo plendas plendus, dipikire rep piknik, jebul dijak dadi sukarelawan
nang Aceh.

                                                 ***
Kesel nyambut gawe Tukijo turu.
"zzzzz..................." wah wis nglempus turune, jarene tekek.
"ngook,,, nggrok... ngok.. nggrok," wah le ngorok tukijo sero banget, coro
nyauti.
"kriuk kriuk......." suarane untune tukijo sing ukel2an, tekek muni maneh,
karo gedeg2 gundul.
"duuuuuuuutz...." Tukijo ngentut-e seru... bar nguntut kroto palingo, kabeh
kewan ngges-ngges do keplayu.
"krengket.. krengket..." turune Tukijo kroncalan, sambate si tinggi karo
nglungani dipan.
"crut.... !!!!" opo kuwi??, kabeh kewan kaget.

Cecak sing kit mau meneng wae muni," sori ndak sengaja, lali ra nganggo
pamper aku, malah ngenani mas Tukijo pipisku ..hwe he he!!!"

TUKIJO KURSUS BASA INGGRIS

Guru : Tukijo , coba basa inggris'e 'aku'
Tukijo : 'ai'
Guru : 'kowe'
Tukijo : 'yu'
Guru : 'wong wadon'
Tukijo : 'si'
Guru : 'wong lanang'
Tukijo : 'hi'
Guru : 'wong lanang akeh'
Tukijo : 'hi hi hi hi '
:-))







Ketawa dot Com - http://ketawa.com/
CV Global Intermedia - http://www.g-im.com/ 
Yahoo! Groups Links

<*> To visit your group on the web, go to:
    http://groups.yahoo.com/group/e-ketawa/

<*> To unsubscribe from this group, send an email to:
    [EMAIL PROTECTED]

<*> Your use of Yahoo! Groups is subject to:
    http://docs.yahoo.com/info/terms/
 



Kirim email ke