wahhh
milis-e kok ujug-ujug gayeng yo...hehehe. piye kabare sedulur-sedulur kabeh?
apik-apik wae yo..
aku yo alumni SMP1 lho, mbakyu-ku SMP2, adikku wong 4 kabeh yo SMP1, termasuk
bapakku, mantan guru SMP1 (pensiun 1987, aku mulai masuk, bapak pensiun).
sing isih kelingan selain nama2 sing uwis disebut, mungkin yo bocah2 liyane
sing ndisik terkenal mergo hal-hal spesial, hehe
koyo to, Anita (dempet) anak pak Camat, Tata (Taruna Budi Utama) anak pak Camat
juga. trus Imam Bintoro (bandel, hehe)..iki anak-e pakdeku. suwe ora kontak,
kabar terakhir nikah karo konco sekelas ning SMA1 (Ineu Meulani ketok-e
jenenge, dhisik 1-6 trus pindah kota ketok-e). saiki Imam aktif ning angkatan
darat (yen ra salah), lulusan AKABRI .
Anang Hariadi yo SMP1 (kerjo ning radio sultan fatah), trus Rosy (perumnas 2 -
rambut-e bule), Fety (kauman), Rina Hastanti (perumnas 2), Fery anak-e pak
Cipto guru Matematika (perumnas 1), Andy Kurniawan.
Indah Wulandari, Irma Isnafia, Amalia Hayati, Puji Hastuti (dhisik duwe grup
jenenge Mahadiska opo yo, keren pokok-e, hehe. aku kelingan pas ning kelas 1A
SMP, ora duwe grup dhewe, lha wong lungguh-e dhewekan je, murid wedok-e ganjil
dadi aku ora duwe konco sebangku, mesakno yo, hiks hiks...). dhisik aku 1A, 2E
trus 3C. hayooo, kelingan kelas-e sampeyan ora???
trus henny purwaningsih, Fahmi hartari, Iin-Indah Budi Utami..., Suryaningrum
(gingsul manis, dhisik omahe mburi alun-alun, daerah sampangan). oya, Arif seno
wibowo karo adhik-e Dewi, dhisik yo terkenal. Dewi ayu jagoan maen volly, aktif
ning OSIS (bendahara po yo..pas ketua-e sopo maneh, the one and only, Susilo
Kusdiwanggo, hehe). yen Arif terkenal bandel-e, ketua gank-lah. Omah-e dhisik
cedhak pasar, terus pindah perumnas 1, pas ngarep omahku, dadi tonggo cedhak
nganti saiki. Dewi wis suwe merit karo cowo soko Jepara. Arif ketoke kabar
terakhir dadi wakil rakyat (Pemda Demak po yo...ra jelas aku)..
sopo maneh yo (garuk garuk sirah sing ora gatel...)..wis nyerah aku, memorine
karaten iki. sebagian alumni SMP1 neruske nyang SMA1, cuman okeh sing terus
sekolah nyang luar Demak (Dewi, Amalia SMA-ne ning Solo), liyane ra ngerti
kabare...ilang...
uwis ach..kapan2 nostalgia maneh
pamit dhisik
suwun
esti-UK
New Email names for you!
Get the Email name you've always wanted on the new @ymail and @rocketmail.
Hurry before someone else does!
http://mail.promotions.yahoo.com/newdomains/aa/