Ooooh Kitu karah hartosna HA - NA - CA - RA - KA - DA - TA -SA - WA - LA,teh janten sanes ANAK NA CILAKA BAPANA KABABAWA HE,he,he,he......!!!!

durahman <[EMAIL PROTECTED]> wrote:
Kuring boga dongeng ngeunaan HA NA CA RA KA. Tapina dongeng ieu versi
jawa (Cirebon). Dongengna oge make basa cirebon deui. Kumaha atuhnya.
Rek diterjemahkeun ka basa sunda hoream. Mangga atuh saaya-aya; dongeng
ajisaka make basa cirebon;

AJISAKA

Ning jaman bengen, ana sinatria kang bagus rupane, luhur budi pekertine,
arane ajisaka. Ana jare, ajisaka turunan bangsawan lan titisane sang
budha gotama.Ajisaka lelana ngubengi jagat, luru ilmu pangaweruh, lan
ngamalaken ilmune kang wis dijengjemi. Lakune dikintil panakawane loro,
aran Dora lan Sembada.

Sawise lelana pirang-pirang tahun lawase, Ajisaka sepanakawane teka ning
pula Majeti. Ajisaka ketarik atine, ngeleng pulo Majeti kang subur
makmur. Bumini ngandung sumber penguripan. Pemandangane endah, gawe
sekengsem ati.

Ajisaka nuli ngurtus Dora dikonkon nunggoni pulo Majeti mau karo diupahi
gegeman keris pusaka. Dora diwanti-wanti beli kena ninggalaken pulo
Majeti, lan beli kena ngulungaken keris pustaka, ning sapa bae. Sebab,
mengko yen nutugaken lelanane Ajisaka balik ning pulo mau.

Dora nyanggupi, lan tekade arep njaga pulo Mejiti lan keris pusaka mau
sekuat tenagane. Sawise mengkonon, Ajisaka lan Sembada panakawane
mangkat. Lakune nyebrangi laut, nganti tekan daerah kerajaan Medangkamulan.

Ning kono, Ajisaka ngrasa heran. Kampung-kampung pada kosong, umahe
langka kang nonggoni. Ajisaka nuli njuble mikiri kaanaan mapung mau.
Ujug-ujug ana bocah nonoman ndeprok ning arepane. Ajisaka gage nakoni
bocah mau. Bocah mau nerangaken, yen deweke lagi digedag-gedah ning pati
kerajaan Medangkamulan. Dewekw aerp ditangkap lan dicaosaken dadi
mangsane sang prabu Dewata Cengkar, raja kerajaan mau. Sebab, sang prabu
Dewata Cengkar sedina-dinae kudu mangan daging wong seglondong.

Krungu kandane bocah mau, Ajisaka godeg lang ngomong sejerone ati. Yen,
ana raja kang doyan mangan rakyate iku dudu sipate manusa, tapi sipate
sato kang kudu disirnaaken.

Beli let suwe, patih kerajaan MEDANGKAMULAN teka. Ajisaka mutus omangane
pati kerajaan MEDANGKAMULAN. Deweke sanggup dadi gantine bocah mau.
Ajisaka nuli digawa lan dicaosaken ning sang prabu DC.

ning ngarsana sang prabu DC, Ajisaka njelasaken yen deweke sanggu ddi
mangsane sang prabu, tapi serurunge, deweke njaluk tanah kang ambane
seikete kang dienggo.

Sang prabu DC nyanggupi penjalukane Ajisaka. Malah, niyate sang prabu
DC, Ajisaka beli arep dipangan, tapi arep didadekaken kawulane. Sebab,
sang prabu DC ngrasa sayang ning Ajisaka. Ajisaka bagus rupane lang
luhur bebudine.

Terus sang prebu DC nggelar ikete Ajisaka. nanging beli disanngka ambane
ikete Ajisaka ngungkuli ambane kerajaan MEDANGKAMULAN. Bareng Sang Prabu
DC tekaning pesisir kidul Ajisaka bebetaken ikete. Sang Prabu DC kejebur
ning segara dai buaya putih.

Weruh sang prabu DC kawur kejebur ning segara, rakyat kerajaan
MEDANGKAMULAN pada bungah. Nuli ngangkat AJISAKA dadi rajane.

Lawase dina, sawise Ajisaka dani ning kerajaan MEDANGKAMULAN. Ajisaka
kelingan ning Dora punawane. Ajisaka nuli ngutus sembada. SEmbada
dikongkon nusul Dora, supaya Dora gelem marani kerajaan MEDANGKAMULAN.

Sembada nuli mangkat nemoni Dora ning pula Majeti, tapi bareng wis
ketemu, Doro ngotot beli gelem ninggalaken  pula Majeti mau. Suwe-suwe
dora lan sembada kang pada-pada dadi utusane Ajisaka pagunreg urusan.
Terus panakawan loro mau perang tanding, ngukuhi tugase dewek-dewek.
Sembada maksa Dora dikongkon marani kerajaan Medangkamulan. Sedeng Dora
kukuh, beli arepan ninggalaken pulo Majeti.

Ning kono, saking gumregete Dora, Dora nuli ngunus keris pusakane, terus
ditibakaken ning jajane Sembada. Sembada kaget, tapi masih sempat
ngololos keris mau sing jajane, nuli ditublesaken ning kempunge Dora.
nganti punawan loro mau pada balik ning alam kelanggengan.

Ajisaka keduwung ning ati. Dora lan Sembada panakawane pada pralaya,
sebab pada-pada ngestokaken kesetiane kawula ning gustine. Menusa derma
usaha, pepesten gumantung ning gusti Ingkang Murbeng Wisesa.

Nyadari kaanan kang kaya mengkonon, Ajisaka nglolos keris, nuli ngukir
wit kayu lontar, gawe aksara jawa;
-ha na ca ra ka; ana utusan
-da ta sa wa la; pada urusan
-pa da ja ya nya; pada digjayane
-ma ga ba tha nga; pada dadi batange

/end of file/

Agus Wirabudiman wrote:

>Sampurasun,
>ka parawargi sadaya manawi aya anu terang kana hartosna :
>HaNa-CaRaKa-DaTa-SaWaLa
>sangem ka Engkus :
>Tah eta cacarakan teh hasil kamotekaran Daniswara waktu bisa ngarebut deui
>nagara dibantu ku Jugulmuda (putra patihna Mendang Kamulyaan) pikeun
>pangeling-ngeling yen sanajan aya nu aya (HANA) Gusti Nu Maha Tunggal ari
>jalma (CARAKA=utusan) mah geuning beda-beda (DATA) jeung saterusna.

>

>


Start your day with Yahoo! - make it your home page

Komunitas Urang Sunda --> http://www.Urang-Sunda.or.id




SPONSORED LINKS
Culture Corporate culture Hawaiian culture
Hispanic culture Jewish culture Organizational culture


YAHOO! GROUPS LINKS




Kirim email ke