mirip artikel di national geographic beberapa bulan lalu tapi dalam bahasa 
jawa. serasa es em pe lagi... pelajaran bahasa daerah, fisika dan agama 
(tentang keberadaan tuhan, ding!) ;-). it's cool...

--- On Thu, 11/20/08, werkuwer <[EMAIL PROTECTED]> wrote:

From: werkuwer <[EMAIL PROTECTED]>
Subject: [wanita-muslimah] Re: Nyandak ayang2 sangkanîng ðumaði (I)
To: wanita-muslimah@yahoogroups.com
Date: Thursday, November 20, 2008, 8:28 PM






kdp, kados pundi tutugipun? kula antu-antu seratan ingkang ciamik 
punika. kados mboten betah rujukan ayat, namung cekap nalar sehat 
ingkang saged ngindra saklebeting segara embuh kalawau. sumangga,
dipun terasaken naskah tutuganipun.

werkuwer

--- In wanita-muslimah@ yahoogroups. com, Ki Denggleng Pagelaran 
<[EMAIL PROTECTED] ..> wrote:
>
> maaf masih pakai Bahasa Jawa...:-(
> 
> From: kibroto <[EMAIL PROTECTED] >
> Subject: [sekarjagad] Nyandak ayang2 sangkanîng ðumaði (I)
> To: [EMAIL PROTECTED] ups.com
> Date: Tuesday, November 18, 2008, 7:35 PM
> 
> 
> 
> 
> 
> 
> 
> Nyandak ayang2 sangkanîng ðumaði (I)
>  
> Tutugé Miyak Wewaði Suwûng
>  
> Ukoro pungkasan 
> Suwûng iku isîh nyolowaði, wewaðiné ðurûng kewiyak lan mbokmenowo 
kito
> kabèh ôra menangi ngerti opo sakjané suwûng iku.
>  
> 2500 tahûn kepungkûr wong2 podo nggraito ayang2îng sejati kanthi 
migunakké penalar. Nganti saiki aði karyané isîh ðibiyaki poro 
akademisi. Kang kesuwûr upamané Socrates, Plato, lan Aristoteles. 
Antaranîng tahûn 800-300an saðurungé Masehi miturût Karl Jessper ono 
sîng ðiarani jaman kampak (axis age), jaman kebatinan. Nalar 
disingkîrké ðiganti batîn/roso. Iki jaman ngrembakané agomo2 lan 
kebatinan2 koyo Konfusiusisme, Budhho, Hindu, Samawi, lsp. 
>  
> Sak geblagé romo Isa arcopodo mlebu abad peteng lelimengan. 
Penalar lan pemaðô ðisirîk lan ðisingkang2. Galilio Galilei kang 
awatak anggak nganti ðijugîl matané. Îng mBageðad jamané kesultanan 
Abasiyah ono aliran mutazilah kang rasional mbukaki tinggalan 
Yunani. Hanangîng ngulomo2 otodox ôaði ôra sreg lan wusanané aliran 
iki ðibrangûs. Aðikaryo2 Yunani mlebu menyang Eropah. 
>  
> Abad 13an ono pageblûg (epidemi) nganti tekan daratan Eropah. Ésûk 
loro sôré mati, awan loro sôré mati, sôré loro ésûk mati. 
Sakathahîng upocoro agomo wîs ðilakoni tetep waé pageblûg ôra 
kendat. Tansoyo suwé wong2 wiwît maiðô karô agomo. Abad 15an 
kawiwitan abad renaisans, abad pepadang. Ilmuwan2 ngremboko koyo 
René, Newton, lsp. Wong2 wiwît nganðel karô landepîng penalar. 
Nganti sawijinîng ðino Immanuel Kant ngélîngké yèn nalar thok (pure 
reason) ôra cukûp. Kuðu ðiseksèni inðro. 
> 
> 
> 
>  
> 
> 
> Balîk menyang bab suwûng. Nyatané sîng kito kiro suwûng jebulané 
ðurûng suwûng. Ketemu anané enerji/materi suwûng kang 95% ngebaki 
jagat. Mengkô gèk ono liyané? Ono kang nðugo yèn sajrônîng suwûng 
iku isi medan lan partikel Higgs, kesuwuré partikel tuhan kang ôra 
kasat inðro. Critané ngéné. 
>  
> Partikel2 subatomik iku akèh banget, ono muon, gluon, baryon, 
quark, lepton, lsp. Partikel2 iki kok nðuwé bobot seko ngenði? 
Amargo îng njrerô suwûng ono medan Higgs. Paribasané suwûng iku 
segoro lendût. Nèk ono quark paribasan wong nglangi nganggô mukena, 
elektron wong nglangi nganggô bikini lan proton iku welût. Akibaté 
naliko mentas seko segoro lendût boboté béðo2 jalaran gupak lendût. 
Lendût2 kang nggupaki iku jenengé partikel Higgs. 
>  
> Upamané teori iki bener Suwûng iku sawijinîng segoro lendût kang 
isiné partikel2 subatomik + suwûng. Biso2 isiné kebak segoro lendût 
saénggo suwûng iku mbalah ôra ono. Sîng ono mûng segoro embûh. 
Kadangkolo partikel2 iki mak jedul metu seko segoro embûh kadang2 
angslup. Mulo fisikawan2 weruhé ono partikel mak pecuthut metu seko 
suwûng njûk mak plas ilang menyang suwûng. Sakjané ôra mlebu/metu 
seko suwûng nîng mlebu/metu seko segoro embûh. 
>  
> Nèk ngoten suwûng niku mboten onten, nggîh? Kétoké ðurûng cetho. 
Wong2 lagi arep mbûktèkké ono ôrané partikel Higgs kang nggupaki 
partikel2 Higgs marahi nðuwé bobot. Ragaté ôra baèn2, 10 milyar 
dollah, jenengé LHC = Large Hadron Collider. Awujûd ring gorong2 
pipo2 kang diameter ringé 27 kilometer îng tapel wates Prancis lan 
Swiss. Tak aturi mrîksani gambar2 ngisor iki. 
>  
> 
> 
> 
> 
> 
> 
> 
> Îng sajrôné pipo2 sak ombyokan proton2 ðiplayokké mubeng2 nganti 
rikaté nyedaki cahyo. Separô playuné podo karô arah jarum jam lan 
separôné suwaliké. Nèk wîs, proton2 iki ðitabrakké. Bakal njeblûg 
mémbo big bang. Proton2 iku bakal kobong ðaði enerji lan suwé2 bali 
menyang asalé ðaði partikel2 subatomik. Remukan2 partikel iku banjûr 
ðiukûr opo bener gupak partikel Higgs. Nèk bener, tegesé suwûng iku 
isi segoro lendût Higgs. Nèk mboten kebûktèn? Wah, bubar. Teori2 
kang paðalané Higgs bakal ajûr mumûr. Hanangîng ilmuwan2 haqqqul 
yaqqqin suwûng iku kebak segoro lendût Higgs. 
>  
> LHC lagi ðisumet awal September kepungkûr lan butûh 3 tahunan 
kanggô ngerti opo asilé. Nglumpûkké partikel Higgs suwé banget. 
Upamané LHC sukses suwûng mbok menowo mbalah sîng ôra ono. Sîng ono 
si Embûh. Sîng wîs kônangan lagi partikel2 subatomik lan partikel 
Higgs. Mbokmenowo isîh akèh kang ðurûng kônangan. Palîng ôra kito 
mèh nyandak sangkanîng ðumaði, yoiku kang mauné kito ðugo suwûng 
jebulé si embûh. Mbokmenowo suwûng sîng ôra ono. Jagat nganti sak 
njabané jagat iku kebak mencep2 ragané si embûh. Mûng sepérangan 
cilik kang ðumaði biso kegraito inðro yoiku planet, lintang, wit2an, 
lsp. 
>  
> Embûh nðuwèni sipat ilahiyah yoiku tan kewiwitan, tan kepungkasan, 
lsp. Hanangîng iki isîh biso ðipaiðô, ngertos sakîng punði nèk si 
embûh niku mboten onten sebab lan pencîptané? Mulo statusé isîh 
tahayul. Hanangîng sîng maiðô bakal kemekelen mbûktèkké nèk si embûh 
ono penciptané. Lha wong kanggô mbûktèkké partikel Higgs waé mangan 
ragat 10 milyar dollah. Tangèh lamûn ono kang biso mbûktèkké anané 
lelembût sekti kang mak jegagik biso nyIIpto segoro embûh kang ôra 
ono watesé. 
>  
> Ono tutugé.    
> 
> 
> 
> 
> 
> 
> 
> 
> 
> 
> 
> 
> 
> 
> 
> 
> 
> [Non-text portions of this message have been removed]
>

 














      

[Non-text portions of this message have been removed]

Kirim email ke