Lobang

Sakri ambek Nasip mlaku budhal mancing. Moro-moro Nasip ndhelok onok lobang guedhe.

"Eh ayok dites jerune sak piro se lobang iki" jare Nasip.

Sakri njupuk watu kali terus diuncalno ndhik lobang mau.

Sui gak onok suorone blas...

"Whuik jerune...," jare Sakri

"Watune kurang gedhe be'e, cobak kelopo" jare Nasip.

Sakri njupuk kelopo terus diuncalno maneh ndhik lobang.

Sepiii gak onok suorone....

"Whuik jerune...," jare Sakri

"Sik golek sing luwih gedhe maneh," jare Nasip.

Mari golek-golek, arek loro iku akhire nemu beton bekas bantalane rel sepur.

Berhubung abhot, betone digotong wong loro terus disurung mlebu lobang.

Tapi yo ngono, suiii gak onok suorone...

"Cik jerune lobang iki.." jare Sakri

Moro-moro seko semak-semak, onok wedhus mlayu katene nubruk arek loro.

Selamete arek loro iku isok ngelesi, tapi sakno wedhuse sing kecemplung lobang.

Kagete jik durung ilang, moro-moro onok Wak Dri nggowo arit takok nang arek loro iku.

"He rek, kon ndhelok sing nyolong wedhusku tah ? Tak bacoke wonge !!!'', takok Wak Dri.

"Wah gak ngerti Wak Dri, cumak sik tas ae onok wedhus kecemplung lobang iku" jare 
Nasip.

"Oo gak mungkin.. dhudhuk wedhusku lek sing iku, wedhusku mau tak cancang ndhik betone 
rel sepur "

 

Mbah Jo

Mbah Jo dirawat ndhik rumah sakit. Jare doktere asmane wis kronis, irunge sampek 
dipasangi selang.

Wis pirang-pirang dino iki mbah Jo meneeng ae koyok wong koma, mripate thok sing 
ketap-ketip.

Dikiro wis wayahe mangkat, anake nyelukno mudhin ben didungakno.

Pas mudhine enak-enak ndungo, moro-moro Mbah Jo megap-megap gak isok ambekan, raine 
pucet, tangane gemeter. Nganggo bahasa isyarat mbah Jo nirokno wong nulis.

Anake ngerti maksute, langsung dijupukno kertas ambek pulpen. Ambek megap-megap, mbah 
Jo nulis surat.

Karo siso-siso tenogone mbah Jo ngekekno surate iku mau nang pak Mudhine.

Ambek Pak Mudhine kertase iku mau langsung disaki, rasane kok gak tepak moco surat 
wasiat saiki, pikire pak Mudhin. Mari ngesaki surat pak Mudhin nerusno ndungone.

Gak sui mari ngono mbah Jo mangkat. Akeh wong sing kelangan, soale masio sangar, mbah 
Jo iku wonge apikan.

Pas selametan pitung dinane Mbah Jo, Pak Mudhin diundang maneh.

Mari mimpin ndungo, Pak Mudhin lagek iling lek dhe'e nganggo klambi batik sing digawe 
pas mbah Jo mangkat.

Lha ndhik sake lak onok titipan surate Mbah Jo tah, waduh selamet iling aku rek, 
pikire pak Mudhin.

"Derek-derek sedoyo, onok surat seko almarhum Mbah Jo sing durung tak sampekno nang 
peno kabeh. Lek ndhelok mbah Jo pas uripe, isine mestine nasehat kanggo anak putune 
kabeh. Ayok diwoco bareng-bareng isi surate".

Mari ngono pak Mudhin ngerogoh surat ndhik sake, bareng diwoco tibake munine..

HE.. NGALIO DHIN !!! OJOK NGADHEK NDHIK SELANG OXIGENKU !!!

 

Kaspo thok ! ! !

Sudjak pamitan ambek bojone kate tuku rokok sedhiluk. Mari tuku rokok, dhadhak Sudjak 
kepethuk bekas pacare biyen. Gak keroso enak-enak sir siran dhadhak wis jam rolas 
bengi.

"Waduh blaen iki, isok mencak-mencak bojoku. Aku njaluk wedhakmu sithik." Jare Sudjak 
ndhik bekas pacare.

Mari njaluk wedhak, Sudjak pamitan mulih.

"Ndhik endhi ae peno iku Cak, tuku rokok nang Hongkong tah ?" bojone mulai purik.

"Ngene lho dhik, mari tuku rokok aku pethuk cewek ayu terus dijak sir siran sampek 
lali mulih" jare Sudjak.

"Cak.. cak.. modelmu ae athik sir siran barang.. sik ndhelok tanganmu !!!" jare bojone 
Sudjak.

Pas didhelok, tangane Sudjak putih kabeh.

"Kaspo thok . .!!! Mene sampek konangan karambol maneh awas kon yo !!!"

Kirim email ke