============================================
Mailinglist debritto : [EMAIL PROTECTED]
============================================


Ki Lurah Joyo Bondo lan Nyi Lurah lagi ngedapi daharan ing restoran
"Ken-Nedi" kang wis kondang makantar ing talatah Jawi Kulon, sing  ing wengi
kuwi rame banget.  Sak lagine dahar bareng, dumadakan ono sakwijining
nom-noman wadhon, sedhet awake, lencir kuning pakulitane, ngagem pangageman
kang sexy, liwat sandinge Ki Lurah lan njiwit dadane Ki Lurah. Nyai Lurah
kaget, getem-getem celatu :

"Katiwasan Pakne, sopo to priyayi putri  kang ora kagungan sopan santun mau
?"
"Wis ojo ribut-ribut, kuwi simpenanku" Ki Lurah ngaku.
"Sampeyan nyimpen maru pakne ?................Weladalah, .....tobil-tobil
anak kadhal, ....luwih becik kulo nyuwun pegat..gat...gat!!!!" Bu Lurah
nyincingake jarike sinambi gedrug-gedrug.
"Lilo tenan iki ?...........Bune, opo awakmu wis sanggup kelangan gedhong
gede, mobil mewah, pesanggrahan nang pinggir pesisir Anyer ?" ujare Ki
Lurah.

Nyi Lurah kepekso mendel lan nerusake dahare. Ora sawetoro suwe, ono priyayi
sarimbit mlebu restoran. Bu Lurah kaget.
"Pakne, kae rak Mas Carik tho ? Lha kok dudu karo bu Carik to kae. Sopo
priyayi putri sisihane kae Pakne?" 
"Wis menengo wae, kae simpenane pak Carik"

"Gandrik....moto mlorok ora ndedelok.......yo wis syukur pakne, paling
mboten simpenane awake dhewe isih luwih ayu".

Kirim email ke