> Subject: Kiat menolak calon pegawai cara Jawa.....
> 
> 
> > G : Kowe nduwe omah opo ora.....?
> > A : Dereng....
> > G : Wah kowe ora iso ketompo ana kene.
> > A : Lho kok ngaten........?
> > G : Mengko kowe mesthi ngajukne utang nang
> perusahaan.
> > A : Ah.. mboten, kok. Sakjanipun tiyang sepuh kulo
> niku sampun sugih.
> > G : Yo malah ora ketompo
> > A : Lho kok ngaten.....?
> > G : Mengko kowe kerjo mung nggo hiburan,
> nongkrang-nongkrong ae.
> >
> > G : Kowe nduwe motor opo ora....?
> > B : Mboten.
> > G : Ora ketompo
> > B : Lho kok mboten ketampi?
> > G : Mengko kowe mesthi njaluk bantuan kredit.
> > B : Sakjanipun gadhah, ning tasih wonten kampung,
> gampil mangke kulo
> >      beto ngriki.
> > G : Wah malah ra ketompo....
> > B : Lho kok ngoten...?
> > G : Tempat parkire wis ra cukup.
> > G : Kowé wis lulus sarjana tenan.....?
> > C : Sampun, Pak....
> > G : Ora ketompo, kéné iki golék sing SMA aé, luwih
> manutan lan bén
> >     mbayaré murah
> > C : Sakjanipun kulo tasih badhe skripsi
> > G : Malah ora ketompo.....
> > C : Lho, kados pundi tho....?
> > G : Mengko kowé kerjo mung ngetik skripsi, lék wis
> lulus mesti golék
> >     kerjo neng perusahaan liyo.
> >
> > G : Kowé seneng guyon opo ora?
> > D : Mboten pak, kulo serius yén nyambut damel.
> > G : Ra ketompo.....
> > D : Waa......kok ngoten?
> > G : Engko konco koncomu lan anak buahmu podho
> stress.
> > D : Sakjané nggih sekedhik-sekedhik seneng guyon.<
> /DIV
> > G : Malah ora ketompo.
> > D : Lho kok......
> > G : Engko kowé mung email emailan sing lucu.......
> >
> > G : Kowé mau mréné numpak opo?
> > E : Mobil
> > G : Kowé ora ketompo
> > E : Sebabipun?
> > G : Saiki BBM mundhak terus, mengko kowé njaluk
> mundhak bayar terus
> > E : Wo, kulo wau namung mboncèng, kok
> > G : Tambah ora ketom po
> > E : Lho, lha kok ... ?
> > G : Mengko mung gawéné mboncéng mobil kantor.
> Ngrusuhi !
> >
> > G : Anakmu akèh opo sithik?
> > F : Katah pak
> > G : Kowé ora ketompo
> > F : Sebabipun ?
> > G : Nyambut gawemu ora jenjem, mung mikir gawe
> uanaaaaaak terus
> > F : Lha wong namung anak adopsi, kok.
> > G : Tambah ora ketompo
> > F : Lho, lha kok ... ?
> > G : Gawé anak waé aras2en, opo manèh nyambut gawé
> >
> > G : Kowé wis ngerti gawéyanmu durung ?
> > H : Dèrèng
> > G : Kowé ora ketompo
> > H : Sebabipun ?
> > G : Arep nyambut gawé kok ora ngerti gaweyané ?
> > H : Oo, nèk damelan niku mpun ngertos kok
> > G : Tambah ora ketompo
> > H : Lho, lha kok ... ?
> > G : Kowé rak mung arep keminter, to ?
> >
> > G : Kowe ngerti kahanan kantor kéné durung ?
> > K : Dèrèng
> > G : Kowé ora ketompo
> > K : Sebabipun ?
> > G : Arep nyambut gawé kok ora ngerti kantoré
> > K : Wo, sekedhik2 mpun ngertos kok
> > G : Tambah ora ketompo
> > K : Lho, lha kok ... ?
> > G : Kowé senengané ngudhal-udhal wewadi kantor,
> to?
> >
> > G : Kowé kerep loro ?
> > M : Mboten
> > G : Kowé ora ketompo
> > M : Sebabipun ?
> > G : Mesti kerep mbolos, wong arang2 gering
> > M : Wah, sakjanipun nggih asring
> > G : Tambah ora ketompo
> > M : Lho, lha kok ... ?
> > G : Kantor iki ora nompo karyawan pileren.
> >
> > G : Kowé biso main Internét?
> > N : Boten
> > G : Ora ketompo
> > N : Sebabipun ?
> > G : Perusahaan ora nompo wong BI (Buta Internet)
> > N : Wah, sakjanipun nggih saged
> > G : Tambah ora ketompo
> > N : Lho, lha kok ... ?
> > G : Mesti ora bakal nyambut gawé, kakèhan dolanan
> Internet, to?
> >      Ngenték-entekké pulsa !
> >
> > G : Kowe waras opo ora?
> > O : Lha, kulo nggih waras to Pak.
> > G : Ra ketompo.......
> > O : Kenging nopo .....?
> > G : Mengko kowe mesti ora krasan ana kene.
> > O : Niku rumiyin Pak, sakmeniko sampun rodo edan.
> > G : Malah ra ketompo......
> > O : Pripun to niki....?
> > G : Mengko aku duwe saingan..........
> >
> >
> > 


__________________________________________________
Do You Yahoo!?
Tired of spam?  Yahoo! Mail has the best spam protection around 
http://mail.yahoo.com 




------------------------ Yahoo! Groups Sponsor --------------------~--> 
Music that listens to you.
LAUNCHcast. What's in your mix?
http://us.click.yahoo.com/8mKGzA/FARHAA/kkyPAA/iPMolB/TM
--------------------------------------------------------------------~-> 

=================================================================
"Morning greetings doesn't only mean saying 'Good Morning'.
It has silent message saying that I remember you when I wake up.
Wish you have a Great Day!" -- Ida Arimurti

Jangan lupa simak IDA KRISNA SHOW SENIN HINGGA JUMAT di 99,1 DELTA FM
Jam 4 sore hingga 8 malam dan kirim sms di 0818 333 582.

=================================================================
 
Yahoo! Groups Links

<*> To visit your group on the web, go to:
    http://groups.yahoo.com/group/idakrisnashow/

<*> To unsubscribe from this group, send an email to:
    [EMAIL PROTECTED]

<*> Your use of Yahoo! Groups is subject to:
    http://docs.yahoo.com/info/terms/
 


Kirim email ke