Ngenteni Maghrib : ------------------ Sawijining Sore Ning Kaliwungu
Naliko jaman aku cilik, kiro-kiro tahun 1970-an, santri-santri Kaliwungu yen wis sore ngarep-arep maghrib, podo mlaku-klaku karo sarungan (terkadang dicincing rodo duwur), karo kuplukan rodo miring, karo gegojekan. Tekan tikungan pas panggonan cedak ndek-ndekan terminal pasar sore, santri-santri mau podo ngumpul, ono sing ngadeg gegojekan, ono sing waton lungguhan ning pinggir dalan sak enggon-enggon. Yen ono cah wedok liwat, opo maneh cah wedok mau rodo ayu, santri-santri mau mung biso nyawang karo mesam-mesem glenikan karo kancane. Ora koyo cah nom-noman jaman uedan saiki... Yen wis kentekan bahan obrolan, terus ngitungi bis lan truk sing podo liwat, terkadang bedhekan plat nomore. Pokoke sajak podo bungah ngenteni maghrib, ono sing wis adus ono sing durung. Tapi kabeh ketok sumringah, sanajan bar ngantuk-ngantuk semakan kitab kuning awit bakda sholat asar. Yen wis krungu adzan, njuk podo bubar nuju takjil ning mesjid. Rame tenan. Ning embuh saiki, mestine wis ora ngono, mergo dalane tambah rame, padat lan malah mbebayani. Yusuf Iskandar (Tahun 1970-an, yen esuk sekolah SD njuk SMP, yen sore sekolah arab ning madrosah lor mesjid Kendal). http://yiskandar.wordpress.com

