Halo mas Kund, iki "frame"-nya (embuh opo coro Jowone..) pancen geguyonan, dadi yo waton nulis wae sak kelingane... Olehku nulis ki karo mbayangke lagi cerito-cerito nyang konco lungguhan, karo nyawang teh nasgithel, karo "ngabuburit" ngenteni maghrib, dadi yo bosone Jowo ngoko sak kecekele. Arep nganggo Jowo kromo, weleh...... tobat tenan...... (lha bosone dhewe malah ditobati.....). Mergane karo ngenteni maghrib, dadi yo ceritone ojo dowi-dowi, mengko ndak selak trawehan..... (he..he.. alasan...... Sejatosipun nyerat ngangge boso Jawi meniko sak pancen inggih uedan uangel tenan, je.....). Sak perlu dipun mangertosi bilih cerkak (cerito cekak) wonten ing ngandap puniko kawulo revisa-revisi lan koreksa-koreksi (iki opo maneh.....) kaping bola-bali, sak derengipun tombol "send" dipun klik (lha kok malah wagu.....). Tapi, tenan iki..... nganggo kemringet barang..... Nuwun & salam, Yusuf
--- On Wed, 9/10/08, muhamad kundarto <[EMAIL PROTECTED]> wrote: From: muhamad kundarto <[EMAIL PROTECTED]> Subject: Re: [kendal-online] Sawijining Sore Ning Kaliwungu To: [email protected] Cc: [EMAIL PROTECTED] Date: Wednesday, September 10, 2008, 9:13 PM kayaknya penulis harus berpikir super keras untuk memakai pengantar bahasa jawa. kosa kata 90% ngoko hehehhee.... bingung kali jowo ne kendal dengan jowo ne jogja hahahaa..... tur.... nulisnya gak berani panjang hehehe, jauh lebih pendek dibanding kalo cerita bahasa indonesia good idea Bos!! --- On Wed, 9/10/08, Yusuf Iskandar <yiskandar_2000@ yahoo.com> wrote: From: Yusuf Iskandar <yiskandar_2000@ yahoo.com> Subject: [kendal-online] Sawijining Sore Ning Kaliwungu To: "Kendal Online" <kendal-online@ yahoogroups. com> Date: Wednesday, September 10, 2008, 2:21 PM Ngenteni Maghrib : ------------ ------ Sawijining Sore Ning Kaliwungu Naliko jaman aku cilik, kiro-kiro tahun 1970-an, santri-santri Kaliwungu yen wis sore ngarep-arep maghrib, podo mlaku-klaku karo sarungan (terkadang dicincing rodo duwur), karo kuplukan rodo miring, karo gegojekan. Tekan tikungan pas panggonan cedak ndek-ndekan terminal pasar sore, santri-santri mau podo ngumpul, ono sing ngadeg gegojekan, ono sing waton lungguhan ning pinggir dalan sak enggon-enggon. Yen ono cah wedok liwat, opo maneh cah wedok mau rodo ayu, santri-santri mau mung biso nyawang karo mesam-mesem glenikan karo kancane. Ora koyo cah nom-noman jaman uedan saiki... Yen wis kentekan bahan obrolan, terus ngitungi bis lan truk sing podo liwat, terkadang bedhekan plat nomore. Pokoke sajak podo bungah ngenteni maghrib, ono sing wis adus ono sing durung. Tapi kabeh ketok sumringah, sanajan bar ngantuk-ngantuk semakan kitab kuning awit bakda sholat asar. Yen wis krungu adzan, njuk podo bubar nuju takjil ning mesjid. Rame tenan. Ning embuh saiki, mestine wis ora ngono, mergo dalane tambah rame, padat lan malah mbebayani. Yusuf Iskandar (Tahun 1970-an, yen esuk sekolah SD njuk SMP, yen sore sekolah arab ning madrosah lor mesjid Kendal). http://yiskandar. wordpress. com

