Ngenteni Maghrib :
Mosok Udut Wae Rak Oleh...
-------------------------
Ning sebelah omahku, Jogja, ono pondok pesantren. Mestine yo ono Kyaine, wong
arane wae pondok. (Kejobo yen nganggo akhiran 'an', alias pondokan, sing ono yo
ibu kost. Mesakaken, bapak kost rak tahu disebut....).
Pak Kyai mau ugo ahli hisap, alias tukang ngisep rokok bin udut. Merek rokoke
gonta-ganti. Ing sawijining dino ditakoni karo santri kancaku (mestine iki
santri daden-daden, dudu santri asli. Yen santri asli yo jelas rak wani takon
no......) :
"Pak Yai (ilate wong Jowo ki rodo kaku yen ngucap huruf 'k' ning ngarepe huruf
'y'), udut meniko hukumipun makruh, malahan bade dipun haramaken kaliyan MUI.
Kok panjenengan malah ngudut terus?"
Pak Yai mau enteng wae olehe wangsulan, kiro-kiro unene ngene :
"Lho, ngertio..... Kyai kuwi wis setengah mati olehe berjuang ngatasi godaan
dosa lan barang haram, setithik wae ojo sampek kepleset, supoyo biso dadi conto
kanggone wong liyo. Malah godane luwih abot katimbang sing diadepi wong-wong
umum liyone".
"Lha, inggih to, pak Yai. Maksudipun kados pundi?", pitakone santri koncoku mau
isih durung mudheng....
Pak Kyai njuk neruske karo ngejreske korek : "Lha, mosok udut wae rak
oleh.......".
Santri kancaku mau njuk ngikik...: "[EMAIL PROTECTED]".
Terus pamit arep tuku rokok ning warung ngarep pondok, jarene : "Lha, mosok Pak
Yai wae sing oleh udut.....".
Yusuf Iskandar
(Nganti saiki isih ngrangkep ahli hisap, ora kecanduan, ning yen rokoke entek
yo tuku maneh. Yen udut ning omah kudu ngati-ati, mergane yen konangan anakku
lanang njuk dikumandangke proklamasi : "Merokok dapat menyebabkan...... dst.
dst. dst...).