Asli!!!
Mbah masih punya mantra cepat sugih?

=t=



--- hendro <[EMAIL PROTECTED]> wrote:

> Memang sekarang jaman sudah edan...(Mbah Joyoboyo)
> 
> Ramalan Joyoboyo
> 
> Besuk yen wis ana kreta tanpa jaran.
> Tanah Jawa kalungan wesi.
> Prahu mlaku ing dhuwur awang-awang.
> Kali ilang kedhunge.
> Pasar ilang kumandhang. 
> Iku tanda yen tekane jaman Jayabaya wis cedhak.
> Bumi saya suwe saya mengkeret.
> Sekilan bumi dipajeki.
> Jaran doyan mangan sambel.
> Wong wadon nganggo pakaian lanang.
> Iku tandane yen wong bakal nemoni wolak-waliking
> jaman.
> Akeh janji ora ditetepi.
> Akeh wong wani mlanggar sumpahe dhewe.
> Manungsa pada seneng nyalah.
> Ora ngindahake hukum Allah.
> Barang jahat diangkat-angkat.
> Barang suci dibenci. 
> Akeh manungsa mung ngutamake duwit.
> Lali kamanungsan.
> Lali kabecikan.
> Lali sanak lali kadang.
> Akeh Bapa lali anak.
> Akeh anak wani nglawan ibu.
> Nantang bapa.
> Sedulur pada cidra.
> Kulawarga pada curiga.
> Kanca dadi mungsuh. 
> Akeh manungsa lali asale.
> Ukuman Ratu ora adil.
> Akeh pangkat sing jahat lan ganjil.
> Keh kelakuan sing ganjil.
> Wong apik-apik pada kepencil.
> Akeh wong nyambut gawe apik-apik pada krasa isin.
> Luwih utama ngapusi.
> Wegah nyambut gawe kepingin urip mewah.
> Ngumbar nafsu angkara murka, nggedhekake duraka.
> Wong bener thenger-thenger.
> Wong salah bungah.
> Wong apik ditampik-tampik.
> Wong jahat munggah pangkat. 
> Wong agung kesinggung.
> Wong ala kepuja.
> Wong wadon ilang kawirangane.
> Wong lanang ilang kaprawirane.
> Akeh wong lanang ora duwe bojo.
> Akeh wong wadon ora setya marang bojone.
> Akeh ibu pada ngedol anake.
> Akeh wong wadon ngedol awake.
> Akeh wong ijol bebojo.
> Wong wadon nunggang jaran, wong lanang linggih
> plangki
> Randa seuang loro.
> Prawan seaga lima.
> Duda pincang laku sembilan uang.
> Akeh wong ngedol ngelmu.
> Akeh wong ngaku-aku.
> Njabane putih njerone dadu. 
> Ngakune suci, nanging sucine palsu.
> Akeh bujuk akeh lojo.
> Akeh udan salah mangsa.
> Akeh prawan tuwa. 
> Akeh randa nglairake anak.
> Akeh jabang bayi lahir nggoleki bapakne. 
> Agama akeh sing nantang.
> Perikamanungsan saya ilang.
> Omah suci dibenci.
> Omah ala saya dipuja.
> Wong wadon lacur ing ngendi-endi.
> Akeh laknat.
> Akeh pengkhianat. 
> Anak mangan bapak.
> Sedulur mangan sedulur.
> Guru disatru.
> Tangga pada curiga.
> Kana-kene saya angkara murka.
> Sing weruh kebubuhan.
> Sing ora weruh ketutuh.
> Besuk yen ana peperangan teka saka wetan kulon,
> kidul lan lor.
> Akeh wong becik saya sengsara, wong jahat saya
> seneng.
> Wektu iku akeh dandang diunekake kuntul.
> Wong salah dianggep bener.
> Durjono saya sempurna.
> Wong lugu kebelenggu. 
> Wong mulyo dikunjoro.
> Sing curang garang.
> Sing jujur kojur.
> Pedagang akeh sing keplarang.
> Wong main akeh sing ndadi.
> Akeh barang haram.
> Akeh anak haram.
> Wong wadon nglamar wong lanang.
> Wong lanang ngasorake drajate dhewe.
> Akeh barang-barang mlebu luang.
> Akeh wong kaliren lan wuda.
> Wong tuku nglenik sing dodol.
> Sing dodol akal okol.
> Wong golek pangan kaya gabah diinteri.
> Sing kebat kliwat.
> Sing telah sambat.
> Sing gede kesasar, sing cilik kepleset.
> Sing anggak ketunggak.
> Sing wedi mati.
> Sing nekat mbrekat.
> Sing jerih ketindhih.
> Sing ngawur makmur,
> Sing ngati-ati ngrintih.
> Sing ngedan keduman.
> Sing waras nggagas.
> Wong tani ditaleni.
> Wong dora ura-ura.
> Ratu ora netepi janji, musna kekuasaane. 
> Bupati dadi rakyat.
> Wong cilik dadi priyayi. 
> Sing mendele dadi gede,
> Akeh omah ing nduwur jaran.
> Wong mangan wong.
> Anak lali bapak.
> Wong tuwa lali tuwane.
> Pedagang adol barang saya laris.
> Bandane saya ludes.
> Akeh wong mati kaliren ing sisihe pangan. 
> Akeh wong nyekel banda nanging uripe sengsara.
> Sing edan bisa dandan.
> Sing bengkong bisa nggalang gedong.
> Wong waras lan adil uripe nggrantes lan kepencil.
> Ana peperangan ing njero.
> Timbul amarga para pangkat akeh sing pada salah
> paham.
> Durjana saya ngambra-ambra.
> Penjahat saya tambah.
> Wong apik saya sengsara. 
> Akeh wong mati jalaran saka peperangan.
> Kebingungan lan kobongan. 
> Wong bener saya tenger-tenger.
> Wong salah saya bungah-bungah. 
> Akeh banda musna ora karuan lungane.
> Akeh pangkat lan drajat pada minggat ora karuan
> sababe. 
> Akeh barang-barang haram, akeh bocah haram.
> Bejane sing lali, bejane sing eling.
> Nanging sauntung-untunge sing lali.
> Isih untung sing waspada.
> Angkara murka saya ndadi.
> Kana-kene saya bingung.
> Pedagang akeh alangane. 
> Akeh buruh nantang juragan.
> Juragan dadi umpan.
> Sing suwarane seru oleh pengaruh.
> Wong pinter diingar-ingar. 
> Wong ala diuja.
> Wong ngerti mangan ati.
> Banda dadi memala.
> Pangkat dadi pemikat.
> Sing sawenang-wenang rumangsa menang.
> Sing ngalah rumangsa kabeh salah. 
> Ana Bupati saka wong sing asor imane.
> Patihe kepala judi.
> Wong sing atine suci dibenci.
> Wong sing jahat lan pinter jilat saya derajat.
> Pemerasan saya ndadra.
> Maling lungguh wetenge mblenduk.
> Pitik angkrem saduwurane pikulan. 
> Maling wani nantang sing duwe omah.
> Begal pada ndugal.
> Rampok pada keplok-keplok.
> Wong momong mitenah sing diemong. 
> Wong jaga nyolong sing dijaga.
> Wong njamin njaluk dijamin. 
> Akeh wong mendem donga.
> Kana-kene rebutan unggul.
> Angkara murka ngombro-ombro.
> Nggedeake duraka.
> Ukum agama dilanggar. 
> Perikamanungsan di-iles-iles.
> Kasusilan ditinggal.
> Akeh wong edan, jahat lan kelangan akal budi.
> Wong cilik akeh sing kepencil.
> Amarga dadi korbane si jahat sing jajil.
> Banjur ana Ratu duwe pengaruh lan duwe prajurit. 
> Lan duwe prajurit
> Negarane ambane sapra-walon.
> Tukang mangan suap saya ndadra.
> Wong jahat ditampa. 
> Wong suci dibenci.
> Timah dianggep perak.
> Emas diarani tembaga
> Dandang dikandakake kuntul.
> Wong dosa sentosa.
> Wong cilik disalahake.
> Wong nganggur kesungkur.
> Wong sregep krungkep.
> Wong nyengit kesengit.
> Buruh mangluh.
> Wong sugih krasa wedi.
> 
=== message truncated ===


__________________________________________________
Do You Yahoo!?
Tired of spam?  Yahoo! Mail has the best spam protection around 
http://mail.yahoo.com 


----Hapus qoute yang tidak relevan jika me-reply!----
Arsip milis ada di:
http://www.mail-archive.com/[email protected]/
Situs sekolah ada di:
http://www.smun2-jbg.sch.id 
Yahoo! Groups Links

<*> To visit your group on the web, go to:
    http://uk.groups.yahoo.com/group/smu2jombang/

<*> To unsubscribe from this group, send an email to:
    [EMAIL PROTECTED]

<*> Your use of Yahoo! Groups is subject to:
    http://uk.docs.yahoo.com/info/terms.html
 



Kirim email ke